PANGANDHARING TORET 4:35 - Kitab Sutji35 Kowe kang ditedahi iku mau, supaya mangertia yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah, ora ana maneh liyane, kajaba mung Panjenengane. Faic an caibideil |
“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.
Sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake langit, – iya Panjenengane iku Gusti Allah – kang karya bumi lan kang yasa sarta kang nyantosakake iku, – apadene anggone nitahake iku ora banjur disuwungake, nanging iku katitahake supaya dienggoni –: “Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana liyane.