PANGANDHARING TORET 4:34 - Kitab Sutji34 Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati? Faic an caibideil |
Sawuse mangkono para abdine Sang Prabu Pringon banjur munjuk marang Sang Prabu: “Taksih pinten dangunipun tiyang-tiyang punika anggenipun dados jiret tumrap kita? Sumangga ta panjenengan dalem lilani kemawon anggenipun sami kesah saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun. Punapa panjenengan dalem dereng kraos, bilih tanah Mesir temtu badhe risak?”
yaiku pangrencana-pangrencana kang gedhe, kang wus koksipati dhewe, apadene pratandha-pratandha lan kaelokan sarta asta kang rosa lan lengen kang kaulukake, kang dadi sranane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone ngentasake kowe; iya kaya mangkono uga bakal pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sakehe bangsa kang kokwedeni iku.
Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjenengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.