Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:32 - Kitab Sutji

32 Amarga coba takok-takokna, wiwit ing poncoting langit nganti tekan ing poncoting langit, bab jaman kang kapungkur sadurunge kowe ana, wiwit ing dinane Gusti Allah nitahake manungsa ana ing bumi, apa tau kelakon bab kang samono gedhene iku, utawa apa tau kaprungu prakara kang kaya mangkono iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:32
15 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.


Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?


Takona ta bab wong-wong jaman biyen, lan gatekna apa kang wus katitipriksa dening para leluhur.


Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.


Iya Ingsun iki kang yasa bumi lan kang nitahake manungsa ana ing kono; iya astaningSun iki kang nggelar langit, lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.


He, para tuwa-tuwa, padha ngrungokna, he, para wong isine nagara, padha nilingna! Sajegmu urip utawa ing jamane para leluhurmu apa tau ana lelakon kang kaya mangkene iki?


“Mung sira kang Sunudaneni, saka sakehe bangsa ing salumahing bumi, mulane sira bakal Sunukum marga saka sakehe kaluputanira.


Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.


Ing wektu iku uga para malaekate bakal kadhawuhan metu nglumpukake para pepilihane saka ing keblat papat, wiwit ing wekasaning bumi nganti tekan ing wekasaning langit.


Sang Yehuwah bakal mbuyarake kowe ana ing antarane para bangsa, saka ing pungkasane bumi tutug ing pungkasane bumi, ana ing kono kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi lan iya ora disumurupi dening para leluhurmu, kang rupa kayu lan watu.


Sanadyan kang padha kabuwang iku ana ing pungkasane langit, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal nglumpukake kowe saka ing kana. Panjenengane bakal mundhut kowe saka ing kana.


Elinga marang jaman kuna, gatekna taun-taune turun kang wus kepungkur, tekokna marang bapakmu, iku kang bakal nerangake marang kowe, lan marang para pinituwa, iku kang bakal ngandhani marang kowe.


Rahayu kowe, he Israel, sapa kang madhani kowe, sawijining bangsa kang kaluwaran dening Pangeran Yehuwah, tameng pitulungan lan pedhanging kaunggulanmu. Mulane mungsuhmu bakal padha nungkul sumuyud marang kowe, sarta kowe bakal lumaku ngambah ing punthuk-punthuke.”


Awit ngendi ana bangsa gedhe kang allahe cedhak kaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita samangsa kita sambati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan