Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:31 - Kitab Sutji

31 Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku, Allah kang asipat welasan, kowe ora bakal ditegakake utawa disirnakake; apadene iya ora bakal kalepyan marang prasetyane kang didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:31
28 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Pangeran Suleman, kang putra: “Disantosa lan ditatag atinira, lan nindakna iku; sira aja sumelang lan aja nglokro, sabab Pangeran Yehuwah Allah, Gusti Allahingsun, nunggil kalawan sira. Panjenengane ora bakal negakake lan nilar sira nganti sarampunging sakehe pagawean kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah.


Amarga manawa kowe padha bali marang Pangeran Yehuwah, para sadulurmu lan anak-anakmu bakal oleh sih-piwelas saka wong-wong kang padha nawan, satemah padha bali menyang ing nagara kene. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat asih lan welasan: Panjenengane ora bakal ngengokake wedanane saka kowe, manawa kowe padha bali marang Panjenengane.”


Unjukku: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun saindenging langit, Paduka punika Gusti Allah ingkang Mahaagung sarta nggegirisi, ingkang ngantepi ing prasetyan saha ing sih-kadarmanipun tumrap ing tetiyang ingkang sami nresnani Panjenenganipun sarta netepi ing pepakenipun,


Ewasamanten awit saking agengipun sihpalimirma Paduka inggih boten Paduka tumpes tapis, lan boten Paduka tegakaken, amargi Paduka punika Gusti Allah ingkang mahaasih lan mahamirah.


Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih, gedhe sabare lan luber sih-susetyane;


Panjenengane ngengeti ing prasetyane nganti ing salawas-lawase, yaiku sabda kang wus didhawuhake marang sewu turunan,


Kaelokane wus didadekake pangeling-eling; Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.


Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan, prajanjiane diengeti ing salawase.


Umate pinaringan pangentasan, Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase, asmane iku suci sarta nggegirisi.


Pangeran Yehuwah iku asih-mirma lan adil, Gusti Allah kita iku ambek welasan.


Nanging Paduka punika, dhuh Pangeran, Allah ingkang ambek welasan saha asih, agung kasabaran Paduka saha luber sih tuwin kasetyan Paduka.


Amargi Paduka punika sae, dhuh Pangeran, saha remen ngapunten, punapa malih sih-susetya Paduka punika luber tumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka.


Nabi Musa banjur ngandika mangkono mau marang wong Israel, nanging padha ora ngrungokake marang pangandikane Nabi Musa, marga wus padha semplah jalaran saka pangawulan kang banget abote iku.


Paduka mugi sampun nampik kawula sadaya, amargi saking asma Paduka, sampun ngantos nyepelekaken kaluhuranipun dhampar Paduka. Mugi ngengetana dhateng prasetyan Paduka kaliyan kawula sadaya, sampun Paduka batalaken!


Amarga Ingsun nunggil klawan sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, prelu mitulungi sira. Sakehing bangsa kang Sunpasrahi sira ana ing satengahe, iku bakal Sunsirnakake, nanging sira ora bakal Suntumpes tapis. Ingsun bakal nggebagi sira wewaton angger-angger, nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan.


nuli Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang Yakub, lan iya ngengeti prasetyaningSun marang Iskak lan prasetyaningSun marang Abraham, sarta Ingsun ngengeti marang nagarane.


Sanadyana mangkono, samangsa padha ana ing nagarane mungsuhe, iya bakal padha ora Suntampik lan ora Sunemohi, Ingsun ora bakal ndadekake tumpese lan ora bakal mbubrah prasetyaningSun karo wong-wong iku, awit dene Ingsun iki Yehuwah Allahe.


Murih kaslametane wong iku Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang para leluhure kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir ana ing ngarepe para bangsa, supaya Ingsun dadi Allahe; Ingsun iki Yehuwah.”


Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.


Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa, saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?


Pangeran Yehuwah iku luwih dening sabar sarta luber sih-kamirahane, kang ngapura kaluputan lan panerak, sanajan kang nglakoni mesthi ora luput saka paukuman, malah malesake durakane para bapa ana ing anakputu, turun ping telu lan ping pat.


Supaya leluhur kita bisa nyumerepi sih-rahmate lan anggone enget marang prajanjiane kang suci,


Disantosa lan ditatag atimu, aja wedi lan aja giris ana ing ngarepe, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang nunggil ing salaku-lakumu. Panjenengane ora bakal negakake kowe lan kowe ora bakal ditilar.”


Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.”


Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”


Sajegira urip bakal ora ana wong, kang bisa lestari ana ing ngarepira; kaya anggoningSun nunggil karo Musa, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nunggil karo sira. Sira ora bakal Suntegakake lan Suntilar.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan