Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:3 - Kitab Sutji

3 Mripatmu dhewe wus padha ndeleng apa kang ditandukake dening Sang Yehuwah tumrap Baal-Peor; awitdene saben wong kang manut marang Baal-Peor iku wus ditumpes kasirnakake saka ing tengahmu dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:3
9 Iomraidhean Croise  

DhawuhingSun marang para anake ana ing ara-ara samun mangkene: Lakunira aja padha manut marang ing katetepane bapakira lan aja padha nggondheli marang pranatane sarta aja padha najisake awakira kalawan para brahalane.


AnggoningSun biyen mrangguli Israel kayadene woh anggur ing pasamunan; anggoningSun mirsani para leluhurira, kaya pametune kawitan woh anjir. Nanging iku banjur padha marani Baal-Peor sarta ngabekti marang dewaning kanisthan, satemah padha dadi nistha padha karo barang kang didhemeni.


Anadene panunggalane iku ora ana siji bae kang biyen wus kacacahake dening Nabi Musa lan Imam Harun nalika padha ana ing pasamunan Sinai.


Lah, rak iya para wong wadon iku ta, kang marga saka pirembuge Bileam, padha njalari wong Israel nganti padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah krana saka Peor, temah umate Sang Yehuwah banjur ketiban wewelak.


Mripatmu dhewe rak padha weruh sakehe pandamele Pangeran Yehuwah kang linuwih kang katindakake.”


nanging kowe kang padha rumaket marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, isih padha lestari urip nganti tekan ing dina iki.


Laku ngiwa kang krana saka Peor iku apa durung cukup ing ngatase kita; mangka tumeka ing dina iki najis kita iku durung karesikan, kang njalari umate Sang Yehuwah ketaman ing wewelak;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan