PANGANDHARING TORET 4:29 - Kitab Sutji29 Bareng ana ing kana kowe lagi padha nggoleki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan iya bakal ketemu, anggere anggonmu nggoleki kanthi gumolonging ati lan gumolonging nyawamu. Faic an caibideil |
Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ing sacedhake saka sarta nganakake prajanjian ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, bakal mbangun miturut marang Pangeran Yehuwah lan netepi dhawuhe, pranatan-pranatane lan katetepan-katetepane kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawa sarta bakal netepi pangandikaning prajanjian kang katulis ana ing kitab mau. Anadene rakyat kabeh padha nyengkuyung prajanjian iku.
banjur seba marang ing ngarsane Sang Prabu Asa sarta munjuk marang panjenengane: “Kawula aturi miyarsakaken dhumateng kawula, dhuh Sang Prabu Asa tuwin Yehuda saha Benyamin sadaya! Pangeran Yehuwah badhe nganthi dhumateng paduka sadaya uger paduka sami ndherek ing Panjenenganipun. Manawi paduka sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun rena, samangsa paduka sowani. Nanging manawi paduka sami nyingkur dhateng Panjenenganipun, badhe tinilar ing Panjenenganipun.
Paduka nunten ngulungaken tiyang-tiyang wau ing tanganing mengsahipun, temah sami nandhang karupekan. Lah salebetipun nandhang karibedan punika lajeng sami sesambat dhumateng Paduka, nunten Paduka piyarsakaken saking langit tuwin awit saking palimirma Paduka ingkang ageng, Paduka paringi tiyang-tiyang ingkang ngluwari saking tanganing mengsah.
Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.
“Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;
Mung ditlaten kang banget anggonmu padha netepi pepakon lan angger-angger kang wus diprentahake dening Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe, bab enggonmu padha tresna marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu, lan padha ngambaha ing sakehe dalan pitedhahe, tansah netepi ing pepakene klawan rumaket marang Panjenengane, apadene padha ngabektia klawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”
Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”