PANGANDHARING TORET 4:27 - Kitab Sutji27 Pangeran Yehuwah bakal ndadekake kowe pating slebar ana ing antarane para bangsa, lan cacahmu mung sathithik ana ing antarane para bangsa, kang dadi tujuane anggonmu bakal padha kasingkirake dening Sang Yehuwah. Faic an caibideil |
Ing kono Yakub celathu marang Simeon lan Lewi: “Kowe iku padha gawe sangsaraku, marga jenengku kokgawe bacin ana ing nagara kene, ing antarane bangsa Kanaan lan wong Feris, mangka wong-wong kita iki mung sathithik; manawa wong-wong mau padha sabiyantu nglawan kita, mesthi aku bakal padha dikalahake lan ditumpes, iya aku dalah sabrayatku kabeh.”
Dhuh Pangeran, Paduka punika ingkang leres, nanging kawula sampun samesthinipun manawi sami wirang kados ing dinten samangke punika, kawula para tiyang Yehuda, para ingkang manggen ing kitha Yerusalem lan tiyang Israel sadaya, ingkang celak saha ingkang tebih, wonten ing sakathahing nagari, ingkang Paduka agem mbucali tiyang-tiyang punika, margi saking anggenipun boten setya dhumateng Paduka.