Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:26 - Kitab Sutji

26 ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:26
32 Iomraidhean Croise  

Sabab panggonan iki selak arep padha daktumpes, marga pangresulane wong kang banget ing bab kutha iki wus sumengka ana ing pangayunane Sang Yehuwah. Awit saka iku aku padha kautus dening Sang Yehuwah nyirnakake panggonan kene.”


wong Israel bakal Sunsirnakake saka ing tanah kang wus Sunparingake, tuwin padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iku bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun; ing kono Israel bakal dadi pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehe para bangsa.


Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun.


Aku nuli munjuk pitakon: “Ngantos pinten dangunipun punika, dhuh Pangeran?” Paring wangsulane: “Nganti kutha-kutha wus sepi mamring, ora ana kang ngenggoni maneh, lan ing omah-omah wus ora ana manungsane maneh sarta tanahe dadi sepen lan sepi.


Mulane Ingsun bakal mbuwang sira saka ing nagara iki menyang ing nagara, kang ora sira sumurupi lan iya durung disumurupi leluhurira. Ana ing kana sira bakal ngabekti marang allah liyane rina-wengi, amarga Ingsun ora bakal paring sih-piwelas marang sira maneh.


He langit, kaebatana marga saka kang kaya mangkono iku, ndhredhega lan gumetera kang luwih banget, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


He nagara, nagara, nagara! Rungokna pangandikane Sang Yehuwah.


Lah, tembok-tembok ingkang badhe kadamel ngepang lan mbedhah kitha punika sampun celak; kalayan pedhang, pailan lan pageblug kitha punika sampun dipun ulungaken dhateng tiyang Kasdim ingkang sami nempuh. Ingkang Paduka ngandikakaken punika sampun kaleksanan; Paduka piyambak sampun nguningani.


Sang Yehuwah wus ora tahan maneh mirsani polah-tingkahmu kang ala lan kanisthan kang padha koklakoni, mulane nagaramu wis dadi jugrugan, pagiris lan ipat-ipat sarta ora ana kang ngenggoni kayadene kang wus kelakon saiki iki.


He bumi, tilingna! Lah, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang bangsa iki, minangka wohing rancangane wong-wong iku, amarga padha ora ngrungokake marang dhawuhingSun lan nampik piwulangingSun.


Tanah iki bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring, dene kumlungkunge, kang marga saka santosane bakal mari; gunung-gununge Israel bakal dadi sepi mamring, satemah ora ana wong kang wani liwat ing kono.


marga saka iku, he, gunung-gununge Israel, rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang dhasar-dhasaring kali lan lembah-lembah, marang reruntuhan kang sepi mamring lan marang kutha kang wus disuwungake, kang wus dadi rayahan lan cacadan tumrap kekarening para bangsa ing sakubenge,


supaya sira aja nganti padha dilepeh dening nagara iku, samangsa sira ndadekake najis, kaya anggone wus nglepeh bangsa kang ndhingini sira.


He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna! He, bumi dalah isine, padha nitenana, Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh, iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci.


He gunung-gunung, rungokna tan-trimahe Sang Yehuwah, lan padha ngrungokna, he, dhasar-dhasaring bumi! Marga Pangeran Yehuwah tan-trimah ing ngatase umate, sarta prakawisan karo Israel.


Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”


Yen kaya mangkono, bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe sarta langit bakal kainebake, temah ora ana udan lan bumi ora aweh pametu, sarta kowe enggal padha tumpes sirna saka ing nagara kang becik peparinge Pangeran Yehuwah marang kowe.


Sang Yehuwah bakal ndhatengake laknat, dahuru lan bebendu ana ing antaranira tumrap sakehe pagawean kang sira tandangi, nganti sira tumpes lan sirna kanthi enggal, marga saka panggawenira kang ala, anggonira mungkur ninggal marang Ingsun.


Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan lelara watuk getih, panastis, panas kang nganti nggosongake awak, tatu kang mbebayani apadene mangsa ngerak, ama lan lelara gandum, kabeh iku bakal nempuh marang kowe nganti satumpesmu.


Sakehe wewelak iku bakal nekani lan mburu kowe nganti ketututan, temah kowe banjur tumpes, marga kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ora netepi ing pepakene lan katetepane kang padha didhawuhake marang kowe;


uga sarupane lelara lan sarupane wewelak kang ora katulisan ana ing kitab Toret iki, iku bakal ditekakake dening Sang Yehuwah marang kowe nganti satumpesmu.


Sang Yehuwah nyebratake wong-wong iku saka ing tanahe kalawan duka lan bentering bramatyane lan bebendune kang nggegirisi, banjur padha dibuwang menyang ing nagara liya, kaya kang wus kelakon ing dina iki.


Padha klumpukna sakehe para tuwa-tuwane talermu lan para tetindhihing wadya-balamu, aku arep nglairake apa kang bakal dakkandhakake mengko, kalawan ngundang langit lan bumi, supaya dadi seksi.


“Kupingmu tilingna, he langit, aku arep caturan, lan bumi ngrungokna guneme cangkemku.


awitdene anakira lanang mesthi bakal didadekake nyimpang saka Ingsun, satemah padha ngabekti marang allah liyane. Manawa mangkono bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe lan kowe enggal bakal katumpes.


Nanging saupama kowe lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngetut-buri lan ngabekti sarta sujud nyembah marang allah liyane, ing dina iki kowe dakelingake, yen mesthi bakal padha tiwas;


kayadene para bangsa kang ditumpes dening Sang Yehuwah ana ing ngarepmu, mangkono uga kowe iya bakal padha katumpes, marga kowe ora padha gelem ngrungokake pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”


Menawa kowe padha nyingkur marang Sang Yehuwah lan ngabekti marang allah liyane, Panjenengane bakal nilar kowe lan banjur nandukake kang ora becik marang kowe lan numpes marang kowe, sawuse nyaeni marang kowe ing maune.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan