PANGANDHARING TORET 4:25 - Kitab Sutji25 Besuk samangsa kowe wus duwe anak-putu lan wus padha tuwa ana ing nagara kono, mangka kowe banjur tumindak nistha, padha gawe reca kang awujud apa bae, sarta nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, temah kowe padha nuwuhake gerahe panggalihe, Faic an caibideil |
Marga aku ngerti, besuk sangajalku, kowe bakal padha tumindak rusuh, lan bakal nyleweng saka ing dalan kang wus dakprentahake marang kowe; mulane ing tembe kowe bakal padha katempuh ing bilai, manawa kowe padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, lan gawe gerahe panggalihe awit saka gegaweane tanganmu.”
menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”