Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:24 - Kitab Sutji

24 Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat kaya geni memangsa, Allah kang ambek butajengan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:24
28 Iomraidhean Croise  

Awit marga saka dukane Pangeran Yehuwah, bab iku mau tumanduk marang Yerusalem lan Yehuda, yaiku bab anggone padha kasingkirake dening Pangeran Yehuwah saka ing pangayunane. Kacarita Sang Prabu Zedhekia mbalela marang Sang Nata ing Babil.


Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka, ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen


padha gawe gerahing penggalihe Gusti Allah sarana tengger-tengger papang pangurbanane, sarta ndadekake bentering penggalihe marga saka reca-recane.


Margi saking kaluhuran Paduka ingkang agung, Paduka ngrebahaken ingkang sami nglawan Paduka; Paduka nglepasaken latuning bebendu Paduka ingkang mangsa tiyang-tiyang wau kados bonggol gandum.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,


Miturut sawangane wong Israel cahya kamulyane Sang Yehuwah iku kaya geni kang nggesengake pucake gunung.


yaiku tanah kang luber puwan lan madu, sabab Ingsun ora bakal tindak ana ing tengahira, marga sira iku bangsa kang wangkal, supaya sira ora Suntumpes ana ing dedalan.”


Amarga sira aja padha sujud marang allah liyane, marga Pangeran Yehuwah, kang asma Sujanan, iku pancen Allah kang sujanan.


Padhanging Israel banjur bakal dadi geni, lan Gusti Allahe, Kang Mahasuci bakal mulad-mulad tuwin bakal ngobong lan mangsa piskucing lan sukete nganti entek ing sajroning sadina uga.


Pangeran Yehuwah rawuh ngatingal saka ing padalemane kang adoh – bebendune mulad-mulad, rawuhe ana ing sajrone mega peteng kang gembuleng-gembuleng, lathine kebak deduka, lan lidhahe kaya geni kang memangsa nganti gusis;


Sabab papaning pangobongan wus katata wiwit ing biyen – iku rak kanggo raja – dhasare kagawe jero lan amba, pancakane kebak geni lan kayu; napasing Yehuwah nggesengake kaya kali walirang.


Para wong dosa ing Sion padha kaget, para wong murtad padha kalimputan ing rasa geter. Iku padha ngucap: “Panunggalan kita sapa ta kang bisa betah manggon ing jero geni kang ngentek-ngentekake iki? Panunggalan kita sapa kang betah manggon ana ing jero pawon geni kang langgeng iki?”


Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun; Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyane utawa kasuwuringSun marang reca.


Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah, temah bakal urip, supaya Panjenengane aja nganti ngrawuhi turune Yusuf kaya geni, kang bakal mangsa nganti entek, Betel ora ana kang nyirepake genine.


Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales, Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad, Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune, sarta terus bae dukane marang para mengsahe.


Sapa kang kuwat nadhahi bebendune? Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune? Bramatyane kaesokake kaya geni, tuwin gunung parang nganti padha jugrug.


Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi.


Mulane sira padha ngentenana marang Ingsun – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, ing dina Ingsun karsa jumeneng dadi saksi. Marga putusaningSun iku ngempalake para bangsa lan nglempakake karajan-karajan, kang banjur Sunesoki bramatyaningSun, yaiku bebenduningSun kabeh kang mulad-mulad, sabab salumahing bumi bakal kamangsa dening genining butajenganingSun.”


“Pinehas anake Eleazar anake Imam Harun iku kang njalari sirepe bebenduningSun ing satengahe wong Israel, marga kanthi mempeng anggone mbelani kaurmataningSun ana ing satengahe umat, temahan Ingsun ora nganti numpes marang wong Israel ing sajrone bentering panggalihingSun.


Utawa apa kita nedya memungu bentering panggalihe Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengane?


Pangeran Yehuwah mesthi ora ngapura marang wong kang mangkono iku, malah bakal kataman ing bebendu lan kasujanane Pangeran Yehuwah kang makantar-kantar, sarta bakal katempuh ing sakehe sumpah kang katulisan ana ing kitab iki, apadene Sang Yehuwah bakal nyirnakake jenenge saka ing sangisoring langit;


Padha memungu butajengane marga nyembah allah liyane; nuwuhake gerahe panggalihe kalawan dewaning kanisthan;


Sira aja sujud utawa nyembah marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iku Allah kang butajengan, kang males kaluputane para bapa marang anak-anake lan marang turune kang katelu lan kaping pat, wong-wong kang sengit marang Ingsun;


awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allah kang butajengan ana ing tengahmu, supaya aja nganti bebendune Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mulad-mulad marang kowe, temah kowe ditumpes kasirnakake saka ing bumi.


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan