PANGANDHARING TORET 4:23 - Kitab Sutji23 Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe. Faic an caibideil |
Tampar mau dadia pepeling marang sira, supaya samangsa sira padha ndeleng iku, sira padha elinga marang sakehe pepakene Sang Yehuwah, sarta padha sira estokna, aja nganti nuruti atinira lan pamawasing mripatira maneh, kaya kang wus kerep sira tindakake, yaiku anggonira ora setya marang Pangeran Yehuwah.
Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.
menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”