Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:22 - Kitab Sutji

22 Awit aku bakal mati ana ing nagara kene, bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden; nanging kowe kang bakal padha nyabrang lan ngejegi nagara kang becik iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:22
11 Iomraidhean Croise  

“Mung sira kang Sunudaneni, saka sakehe bangsa ing salumahing bumi, mulane sira bakal Sunukum marga saka sakehe kaluputanira.


Dene sawuse sira sawang, banjur sira iya bakal kaklumpukake karo para leluhurira padha kaya kakangira Harun anggone wus kaklumpukake biyen.


Mulane mangkono awit nalika ana ing pasamunan Zin, wong-wong padha nglawan, sira sakloron padha mbangkang marang dhawuhingSun, supaya padha ngatonake kasuceningSun ana ing ngarepe wong-wong iku srana ngolehake banyu.” Iya iku sumber Meriba ing sacedhake Kadesy ing pasamunan Zin.


“Sira nandukna pamalese wong Israel marang wong Midian; sawuse mangkono sira bakal kaklumpukake karo leluhurira.”


Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.


Mugi kawula kelilana nyabrang ningali nagari ingkang sae wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih tanah pareden ingkang sae punika, saha pareden Libanon.


Sira munggaha menyang pucake gunung Pisga, nuli ndelenga mangulon, mangalor, mangidul sarta mangetan lan delengen kang temenan, marga sira bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden iki.


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa; “Lah wus cedhak anggonira bakal mati, mulane Yusak undangen banjur padha ngadega ana ing Tarub Pasewakan, bakal Sunpangandikani.” Nabi Musa lan Yusak banjur padha jumeneng ana ing Tarub Pasewakan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan