PANGANDHARING TORET 4:2 - Kitab Sutji2 Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe. Faic an caibideil |
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira ngadega ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah, ana ing kono para wong ing sakehe kutha ing Yehuda, kang arep munggah sembahyang ana ing padalemane Sang Yehuwah, padha sira pratelanana sakehing pangandikaningSun marang sira, tumrap wong iku. Aja sira kurangi satembung bae!