PANGANDHARING TORET 4:19 - Kitab Sutji19 lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane. Faic an caibideil |
Sang Prabu iya dhawuh nyingkirake jaran-jaran kang kadekek dening para ratu ing Yehuda kanggo dewaning srengenge ana ing lawang kang anjog ing padalemaning Sang Yehuwah, cedhak ing kamare Natan-Melekh, punggawa kraton, kang manggon ing gedhong ing sandhinging padaleman. Kreta-kreta kanggo dewaning srengenge uga kaobong ing geni.
“Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yehuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa dene saganten saisen-isenipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.
Sawuse mangkono aku banjur dibekta menyang ing platarane njero padalemaning Yehuwah; lah ing sacedhake dalan lumebu marang ing padalemane Pangeran Yehuwah, ing antarane bale Pasucen lan misbyah ana wong lanang kira-kira selawe kang padha ngungkurake padalemane Pangeran Yehuwah, lan padha madhep mangetan kalawan sujud marang srengenge kang ana ing sisih wetan.
Gusti Allah lajeng mengkeraken tiyang-tiyang wau saha dipun umbar anggenipun sami nyembah dhateng ing wadya-balaning langit, kados ingkang sampun kaseratan wonten ing kitabipun para nabi makaten: Apa sira tau nyaosake kurban sembelehan lan pisungsung marang Ingsun, sajrone patang puluh taun ana ing ara-ara-samun, heh turune Israel?
Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.