Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:12 - Kitab Sutji

12 Pangeran Yehuwah tumuli mangandikani kowe saka ing satengahe geni, kowe padha krungu swaraning pangandika, nanging ora ndeleng rerupan, mung swara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:12
24 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong Israel padha dhawuhana mangkene: Sira wus padha nyumurupi dhewe anggoningSun mangandikani sira saka ing langit.


sarta kupingmu bakal krungu saka ing burimu pitembungan mangkene: “Iki dalane, lumakua ing kene,” embuh kowe lumaku manengen apa mangiwa.


Dadine Gusti Allah iku arep kok padhakake sapa, lan apa kang kokanggep padha karo Panjenengane?


Ana swara kang nguwuh-uwuh: “Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan, ngencengna dalan gedhe kagem Allah kita ana ing ara-ara samun!


Ana swara kang dhawuh: “Sira nguwuh-uwuha!” Aku munjuk: “Punapa ingkang kedah kawula ucapaken kalayan sora?” “Umat manungsa kabeh iku kayadene suket lan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara.


aben lesan anggoningSun ngandikan, klawan terus terang, ora klawan cangkriman, malah nganti kalilan ndeleng pasemone Pangeran Yehuwah. Kang iku yagene sira kok ora wedi nutuh marang abdiningSun Musa iku?”


Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”


Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renaning panggalihingSun.”


Dene satemene iya Nabi Yokanan iku kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya mangkene: “Ana swara kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun: Padha nyawisna margining Pangeran, lurung-lurunge padha lencengna.”


Papane banjur diserati dening Panjenengane padha karo seratan kang dhisik, yaiku Pangandika Sepuluh kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri kowe padha kumpulan; sawuse mangkono banjur diparingake dening Pangeran Yehuwah marang aku.


Ing kono kowe banjur padha nyedhak sarta ngadeg ana ing ngisore sikile gunung, mangka gununge murub lan genine nganti sundhul ing langit ing sajroning peteng ndhedhet.


Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.


Mulane dingati-ati, – marga kowe ora ndeleng rerupan apa-apa ing kalane Sang Yehuwah mangandikani kowe ana ing gunung Horeb saka ing satengahe geni –,


Apa tau ana bangsa kang krungu swarane Gusti Allah ngandika saka satengahing geni, kaya anggonmu wus krungu iku, mangka bisa lestari urip.


Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.


Iya pangandika iku mau kang didhawuhake dening Sang Yehuwah marang sapepake pasamuwanmu kanthi swara kang banter ana ing gunung ing satengahe geni lan mendhung sarta peteng ndhedhet, lan ora disambeti apa-apa maneh. Kabeh iku banjur diserat ing papan watu loro, tumuli diparingake marang aku.”


Pangeran Yehuwah wus ngandikani kowe kalawan aben-ajeng saka satengahing geni ana ing gunung,


Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, isi seratan tapak astane Gusti Allah, kang surasane padha karo pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri dinane pasamuwan.


Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,


unine kalasangka apadene unining swara, kang ndadekake para kang krungu nganti padha nyuwun, supaya aja nganti dipangandikani maneh,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan