PANGANDHARING TORET 4:11 - Kitab Sutji11 Ing kono kowe banjur padha nyedhak sarta ngadeg ana ing ngisore sikile gunung, mangka gununge murub lan genine nganti sundhul ing langit ing sajroning peteng ndhedhet. Faic an caibideil |
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.