PANGANDHARING TORET 4:10 - Kitab Sutji10 Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake. Faic an caibideil |
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.
Ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kagem padalemaning asmane, ana ing ngarsane kono kowe mangana pisungsung prasepuluhane gandummu, anggurmu lan lengamu, apadene pembareping sapimu utawa wedhusmu, supaya kowe sinaua tansah wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.