Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 34:9 - Kitab Sutji

9 Anadene Sang Yusak bin Nun iku kapenuhan ing rohing kawicaksanan, marga wus ditumpangi asta dening Nabi Musa, mulane wong Israel padha manut marang Sang Yusak, sarta netepi dhawuhe Pangeran Yehuwah kang wus diprentahake dening Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 34:9
20 Iomraidhean Croise  

mulane lah Ingsun bakal nindakake kang laras karo panyuwunira iku, lah Ingsun maringi marang sira ati kang kebak kawicaksanan lan kalimpadan, nganti sadurunge sira ora ana wong siji-sijia kang kaya sira, lan sawuse sira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira.


Milanipun Paduka mugi karsaa maringi dhumateng abdi Paduka manah ingkang saged nenimbang prakawis supados saged ngakimi umat Paduka kalayan saged mbedakaken punapa ingkang sae lan ingkang awon, awit sinten ta ingkang sagah ngakimi umat Paduka ingkang ageng sanget punika?”


Nalika pepanthan nabi saka ing Yerikho ndeleng Nabi Elisa saka ing kadohan, tumuli padha ngucap: “Elisa wus kadunungan rohe Nabi Elia!” Wong-wong mau banjur padha sowan marang ing ngarsane sarta padha sumungkem ing bumi,


Anadene bareng wus padha nyabrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.”


Sang Prabu Suleman tumuli lenggah nggentosi Sang Prabu Dawud, kang rama, ing dhampar kaprabon kang katetepake dening Sang Yehuwah, lestari anggone jumeneng, lan saben wong Israel mituhu marang pangandikane.


Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake.


Sira ndhawuhana marang sakehe para ahli, kang wus Sunesoki rohing kawasisan, padha konen gawe sandhangane Harun, kanggo nucekake dheweke, supaya dadia imam lumados marang Ingsun.


lan wus Sunpenuhi Rohing Allah, keahlian, kawasisan tuwin kawruh tumrap sawernaning pagawean,


Iku bakal katedhakan Rohe Sang Yehuwah, rohing kawicaksanan lan pambudi, rohing pitutur lan kasantosan, rohing kawruh lan wedi-asih marang Sang Yehuwah;


iku dipanggedheni dening priyagung tetelu, Sang Dhaniel kagolong tetelu iku. Para wakil-raja mau kudu padha ngaturake tanggung-jawab marang katelune iku, supaya Sang Prabu aja nganti kapitunan.


Nuli Ingsun bakal tumedhak sarta bakal ngandikan karo sira ana ing kono, nuli Roh kang ana ing sira iku bakal salong Sunpundhut, Sundunungake ing wong-wong mau, banjur bakal padha ngrewangi sira mikul tanggung-jawab tumrap bangsa iku, supaya aja sira pikul dhewe.


Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates.


Wong iku padha diajokake marang ing ngarsane para rasul, kang banjur padha ndongakake sarta numpangi asta.


Wong Israel tumuli padha nangisi Nabi Musa ana ing tanah warata Moab lawase telung puluh dina. Kacarita dina patangisaning kasusahan marga saka Nabi Musa wus rampung.


sabab ana ing Panjenengane sumimpene raja-brana kawicaksanan lan kawruh.


Aja nglirwakake kawajibanmu migunakake sih-rahmat kang ana ing kowe, kang wus kaparingake marang kowe sarana pamedhar-wangsit lan sarana tumpangan tangan dening parepataning para pinituwa.


Aja kesusu numpangi tangan marang wong lan aja nganti katut-katut ing dosane wong liya. Awakmu dhewe jaganen dhisik.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan