8 Wong Israel tumuli padha nangisi Nabi Musa ana ing tanah warata Moab lawase telung puluh dina. Kacarita dina patangisaning kasusahan marga saka Nabi Musa wus rampung.
Bareng wus tekan ing Goren-Haatad, kang kaprenah ing sabrange bengawan Yarden, banjur nganakake patangisan kang banget nrenyuhake lan luwih gedhe, nganti pitung dina anggone Sang Yusuf nganakake patangisan, marga saka kang rama mau.
Prakara iku rampunge nganti patang puluh dina, awit iya mesthi samono suwene wong njebadi layon iku, lan wong Mesir anggone nata patangisan nganti pitung puluh dina lawase.
Wong bener tiwas, lan ora ana wong siji-sijia kang maelu; wong mursid padha kajabut nyawane, tuwin ora ana wong siji-sijia kang mreduli; sanyata, marga saka sumrambahe piala, nyawane wong mursid kajabut,
Anadene Sang Yusak bin Nun iku kapenuhan ing rohing kawicaksanan, marga wus ditumpangi asta dening Nabi Musa, mulane wong Israel padha manut marang Sang Yusak, sarta netepi dhawuhe Pangeran Yehuwah kang wus diprentahake dening Nabi Musa.
Kacarita Nabi Samuel seda; sakehe wong Israel padha nglumpuk nangisi lan metak panjenengane ana ing daleme ing Rama. Lan Sang Dawud nuli tata-tata sarta banjur bidhal menyang ing ara-ara samun ing Paran.