Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 34:7 - Kitab Sutji

7 Nalika seda Nabi Musa yuswane satus rong puluh taun, paningale durung blawur lan durung ilang kakiyatane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 34:7
11 Iomraidhean Croise  

Kacarita bareng Rama Iskak wus sepuh sarta tingale wus blawur banget nganti ora bisa mirsani, tumuli nimbali Esap putrane pambajeng sarta dipangandikani: “Anakku engger.” Ature Esap: “Kula rama.”


Nanging paningale Rama Israel wus lamur marga saka sepuhe, dadi wus ora bisa mirsani kanthi cetha. Sawuse padha dicedhakake ana ing ngarsane, banjur diarasi sarta dirangkuli.


Anggonmu mudhun marang ing kluwat manawa kowe wus tuwa banget, kaya tumpukan gandum kang kasimpen marga wus wancine.


sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe, padha dadi lemu lan seger,


Anadene nalika iku yuswane Nabi Musa wolung puluh taun lan Rama Harun wolung puluh telu taun, ing nalikane padha munjuk marang Sang Prabu Pringon.


Sareng sampun yuswa kawan dasa taun, panjenenganipun kagungan karsa badhe nuweni para kadangipun inggih punika tiyang Israel.


Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten satunggaling malaekat ingkang ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing salebeting latu murub ing grumbul eri.


Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.


Mangkene pangandikane: “Umurku saiki satus rong puluh taun; aku wus ora bisa giyat maneh, sarta Pangeran Yehuwah wus ngandika marang aku: Sira mesthi ora bakal nyabrang bengawan Yarden iki.


Wong Israel tumuli padha nangisi Nabi Musa ana ing tanah warata Moab lawase telung puluh dina. Kacarita dina patangisaning kasusahan marga saka Nabi Musa wus rampung.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan