Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 34:4 - Kitab Sutji

4 Tumuli dipangandikani dening Pangeran Yehuwah: “Iki nagara kang Sunprasetyakake kalawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub, dhawuhingSun: Turunira bakal Sunparingi nagara iku. Sira Sunparengake ndeleng kalawan mripatira dhewe, nanging sira ora bakal nyabrang mrana.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 34:4
15 Iomraidhean Croise  

Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.


awitdene tanah kang sira deleng iku kabeh bakal Sunparingake marang sira lan turunira ing salawase.


Sarta maneh sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kang sira enggoni kayadene wong neneka, iya tanah Kanaan iki kabeh, dadi darbekira langgeng salawase, lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahe.”


Sira tetepa manggon ana ing tanah kene dadi wong manca, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhake marang Abraham bapakira.


Lah, Sang Yehuwah jumeneng ana ing sisihe sarta ngandika: “Ingsun iki Yehuwah Allahe Abraham embahira lan Allahe Iskak; tanah kang sira turoni iku bakal Sunparingake marang sira lan turunira.


Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”


Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.


Aku dhewe iya didukani dening Sang Yehuwah marga saka kowe, lan dingandikani: Sira iya mesthi ora bakal lumebu ing kono.


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


Sira Sunparengake nyawang nagara iku ana ing ngarepira, nanging sira ora kalilan lumebu mrana, menyang ing nagara kang bakal Sunparingake marang wong Israel.”


Mangkono dadine saindenging nagara iku diparingake Sang Yehuwah marang wong Israel, yaiku nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos, yen bakal diparingake marang para leluhure, iya banjur kelakon diejegi lan dienggoni.


Turune Hobab, ipene Nabi Musa, wong Keni, uga padha melu nglurug saka ing kutha Wit Kurma mbiyantu perange bani Yehuda menyang ing ara-ara samun ing tanah Yehuda ing Tanah Negeb sacedhake Arad; banjur padha manggon ana ing antarane wong kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan