Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 34:11 - Kitab Sutji

11 ing bab sakehe pratandha lan kaelokan, kang katindakake marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah ana ing tanah Mesir tumrap marang Sang Prabu Pringon lan marang sakehe para abdine sarta sawratane nagarane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 34:11
8 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,


Sang Yehuwah tumunten ngentasaken kawula saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa saha klayan lengen ingkang kaulukaken, punapadene srana kasekten ingkang nggegirisi sarta srana pratandha-pratandha tuwin mukjijat-mukjijat.


Ing sabanjure wus ora ana nabi maneh kang jumeneng ing antarane Israel kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi dening Pangeran Yehuwah aben-ajeng,


apadene ing bab sakehe pandamele kang kwasa lan ing bab sakehe prakara kang nggegirisi banget kang ditindakake dening Nabi Musa ana ing ngarepe wong Israel kabeh.


Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?


yaiku pangrencana-pangrencana kang gedhe, kang wus koksipati dhewe, apadene pratandha-pratandha lan kaelokan sarta asta kang rosa lan lengen kang kaulukake, kang dadi sranane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone ngentasake kowe; iya kaya mangkono uga bakal pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sakehe bangsa kang kokwedeni iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan