Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 34:1 - Kitab Sutji

1 Nabi Musa banjur tindak saka ing tanah warata ing Moab, minggah ing gunung Nebo, pucake pagunungan Pisga ing penere Yerikho, tumuli ditedahi saindenging nagara iku kabeh dening Sang Yehuwah: dhaerah Gilead tutug ing Dhan,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 34:1
16 Iomraidhean Croise  

Sawuse Rama Abram ditilar misah dening Lut, Sang Yehuwah banjur ngandika mangkene: “Sira tumengaa, ndelenga saka ing papan anggonmu ngadeg mangalor lan mangidul, mangetan lan mangulon;


Rama Abram bareng midhanget yen putrane sadhereke kabandhang, tumuli ngangkatake para wonge kang wus kalatih, yaiku para abdi-abdine kang laire ana ing daleme, cacahe telung atus wolulas, banjur mburu mungsuhe nganti tutug ing Dhan.


menyang ing tanah Israel ing sajrone wahyuning Allah lan aku kapapanake ing gunung kang dhuwur banget. Ana ing dhuwur kono ing ngarepku ana rerupan wujude kaya kutha.


lan saka ing Bamot menyang ing lebak, ing wewengkone tanah Moab, sandhing pucake gunung Pisga, kang ngadhepake Ara-ara Samun.


Bileam banjur dibekta menyang ing Ara-ara Panelikan, ing pucake gunung Pisga; Sang Prabu Balak tumuli yasa misbyah pitu, lan ing saben misbyah kakurbanake sapi lanang nom siji sarta wedhus gibas lanang siji.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung Abarim iki, nuli nyawanga marang tanah bakal peparingingSun marang wong Israel.


Banjur budhal saka Almon-Diblataim lan leren ana ing pagunungan Abarim, ing sangarepe gunung Nebo.


Sira munggaha menyang pucake gunung Pisga, nuli ndelenga mangulon, mangalor, mangidul sarta mangetan lan delengen kang temenan, marga sira bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden iki.


“Sira munggaha menyang ing pagunungan Abarim, menyang ing gunung Nebo kang ana ing tanah Moab ing penere Yerikho, banjur sira nyawanga tanah Kanaan kang bakal Sunparingake marang wong Israel dadi darbeke.


Sira Sunparengake nyawang nagara iku ana ing ngarepira, nanging sira ora kalilan lumebu mrana, menyang ing nagara kang bakal Sunparingake marang wong Israel.”


Tumuli dipangandikani dening Pangeran Yehuwah: “Iki nagara kang Sunprasetyakake kalawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub, dhawuhingSun: Turunira bakal Sunparingi nagara iku. Sira Sunparengake ndeleng kalawan mripatira dhewe, nanging sira ora bakal nyabrang mrana.”


Nanging sarehne tlatahe bani Dhan iku kerupeken, bani Dhan banjur padha nglurug perang nglawan kutha Lesem; iku nuli kabedhah, wonge padha katumpes klawan landheping pedhang, sarta nagarane tumuli diejegi lan dienggoni; kutha Lesem mau tumuli dielih arane dadi Dhan, miturut asma Dhan leluhure.


Mangkono dadine bani Ruben, bani Gad tuwin separoning taler Manasye mau padha bali mulih, ninggal wong Banisrael, mangkat saka ing Silo ing tanah Kanaan menyang tanah Gilead, kang wus dadi darbeke lan wus dienggoni ngetrepi dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Tumuli sajrone kalimputan ing Roh iku, aku digawa menyang ing gunung kang gedhe lan dhuwur, banjur dituduhi kutha kang suci, yaiku Yerusalem kang tumurun saka ing swarga, saka Gusti Allah.


Kuthane nuli dielih arane dadi Dhan, miturut asmane leluhure, yaiku Rama Dhan, putrane Rama Israel, nanging kutha iku maune aran Lais.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan