PANGANDHARING TORET 33:9 - Kitab Sutji9 ingkang ngucap bab bapa-biyungipun: Aku ora mreduli; saha ingkang boten purun tepang kaliyan para sadherekipun sarta boten mreduli dhateng anak-anakipun. Awitdene tiyang-tiyang Lewi punika sami ngestokaken dhawuh Paduka saha netepi prajanjian Paduka. Faic an caibideil |
Nabi Musa banjur ngandika marang Imam Harun lan marang Eleazar lan Itamar, para putrane Imam Harun: “Kowe aja padha sedhih lan aja padha susah, supaya aja padha mati lan wong sapasamuwan kabeh kena ing bebendune Pangeran Yehuwah. Mung para sadulurmu, yaiku wong Israel sabangsa kabeh, iku kang padha nangisa marga saka geni kang diurubake dening Pangeran Yehuwah iku.