Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 33:8 - Kitab Sutji

8 Tumrap Lewi, unjuke: “Tumim saha Urim Paduka punika dadosa gadhahanipun tiyang ingkang Paduka kasihi, ingkang sampun Paduka cobi wonten ing Masa saha ingkang sampun Paduka pabeni wonten ing sacelakipun tuk ing Meriba;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 33:8
25 Iomraidhean Croise  

Sapa bae ora kena lumebu ing padalemaning Yehuwah, kajaba para imam lan para wong Lewi kang lagi nindakake kawajibane. Iku kena lumebu, awit iku padha suci, nanging rakyat kabeh kudu padha netepi pranataning Yehuwah.


Lan tumrap wong-wong mau kadhawuhake dening kepala dhaerah, manawa ora diparengake mangan sesaosan kang suci pinunjul, nganti ana imam kang jumeneng kang ngasta Urim lan Tumim.


Sarta aku banjur kandha marang wong-wong mau: “Kowe iku padha wong sengkeran sumaos marang Sang Yehuwah lan piranti-piranti iki uga padha dadi sengkeran suci, sarta selaka lan mase iki dadi pisungsung manasuka konjuk marang Sang Yehuwah Gusti Allahe para leluhurmu;


Lan tumrap wong-wong iku ditetepake dening kepala dhaerah, manawa ora kena mangan sesengkeran kang pinunjul, nganti ana imam kang tumindak kanthi ngasta Urim lan Tumim.


Sawuse mangkono padha meri marang Nabi Musa ana ing pakemahan, tuwin marang Imam Harun, abdining Pangeran Yehuwah kang suci.


Amargi Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat.


“Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul, sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;


Panggonan iku banjur diarani Masa lan Meriba, marga wong Israel padha madoni lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah, tembunge: “Pangeran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?”


Lan ana ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku sira pasangana Urim lan Tumim, ana ing sadhuwure jantunge Harun samangsa lumebu seba ing ngarsaning Yehuwah; mangkono Harun anggone tansah ngemban karampungane keputusan tumrap wong Israel, ana ing sadhuwure atine ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.


Apadene sira gawea blebekan mas murni lan ing blebekan iku sira ukirna tulisan patrape kaya ngukir cap, unine: Sesengkerane Pangeran Yehuwah.


Anggone golek sisihan aja wong wadon tuna-susila, utawa wong wadon kang wus tau dijamah, lan iya aja wong wadon kang wus katundhung dening somahe, marga imam iku suci tumrap Allahe.


karomaneh diagemi tutup dhadha, kang dietrapi Urim lan Tumim.


Awit cangkeme isi piwulang kang bener lan ing lambene ora tinemu kaculikan. Salakune ana ing patunggilaningSun klawan tentrem-rahayu lan kajujuran, sarta akeh wong kang diundurake saka ing dosa.


sawuse tumuli ngandika marang Korakh lan marang grombolane kabeh: “Sesuk Pangeran Yehuwah bakal maringi katrangan sapa kang dadi kagungane, lan sapa kang suci, iya iku kang dililani sowan ing ngarsane; wong kang bakal kapilih, bakal diparengake sowan ing ngarsane.


Iku mau banyu ing Meriba, papan panggonane wong Israel padha nglawan Sang Yehuwah sarta Panjenengane nedahake kasucene ana ing satengahe wong-wong iku.


“Harun bakal kakumpulake karo para leluhure, awitdene ora bakal melu lumebu ing tanah kang Sunparingake marang wong Israel, marga sira padha nglirwakake marang dhawuhingSun ana ing sacedhake banyu ing Meriba.


Yusak iku ngadega ana ing ngarepe Imam Eleazar, dene Eleazar iku negesa marang putusaning Urim tumrap dheweke ana ing ngarsaning Yehuwah. Wong-wong anggone padha metu marga saka dhawuhe lan marga saka dhawuhe uga anggone lumebu, dheweke dalah sakehe wong Israel, iya sapepake umat iku kabeh.”


Mungguh kutha kang bakal sira wenehake saka duweke wong Israel iku taler kang akeh cacahe padha kajupuka akeh, kang sathithik, kajupuka sathithik. Siji-sijine taler anggone menehake kuthane menyang wong Lewi iku pinta-pinta miturut duweke.”


Kowe aja nyoba marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kaya anggonmu wus padha nyoba marang Panjenengane ana ing Masa.


kang maringi pangan man marang kowe ana ing pasamunan, kang durung tau disumurupi dening para leluhurmu, karsane ngesorake atimu lan nyoba marang kowe, kang karsane mung arep nandukake kabecikan marang kowe, ing wekasane.


Uga ana ing Tabera lan ing Masa sarta ing Kibrot-Taawa kowe tansah padha njalari dukane Pangeran Yehuwah.


Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.


Lan Sang Prabu Saul neges marang Sang Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora paring wangsulan, apa srana impen utawa Urim apa lantaran para nabi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan