Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 33:4 - Kitab Sutji

4 Anggon kita padha kaparingan angger-anggering Toret iku lumantar Nabi Musa, iku dadi darbeke pasamuwane Rama Yakub.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 33:4
8 Iomraidhean Croise  

Dhawuh pepenget Paduka punika dados pusaka kawula salami-laminipun, awit punika dados kabingahanipun manah kawula.


Toret ingkang Paduka paringaken punika sae tumrap kawula nglangkungi mas utawi selaka blebekan.


Sabdane kaparingake marang Rama Yakub, apadene pranatane lan angger-anggere marang Rama Israel.


Kaya mangkono iku katetepan lan pranatan sarta angger-angger kang padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kang tumindak ana ing antarane Panjenengane lan wong Israel ana ing gunung Sinai lumantar Nabi Musa.


Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.


Apa dudu Nabi Musa kang ndhawuhake angger-anggering Toret marang kowe? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang ngestokake angger-anggering Toret iku. Sabab apadene kowe padha ngarah patiKu?”


Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan