Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 33:2 - Kitab Sutji

2 pangandikane mangkene: “Pangeran Yehuwah rawuh saka ing gunung Sinai, nedhaki umate saka ing Seir. Panjenengane ngatingal kalawan cahya mencorong saka ing pagunungan Paran, lan rawuh saka ing antarane para suci puluhan ewu; ing tengahe katon geni murub.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 33:2
24 Iomraidhean Croise  

Anggone padha mangkat saka ing Midian, banjur menyang ing Paran. Ana ing kono ngajak wong sawatara nuli tekan ing Mesir ing ngarsane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir. Sang Hadad kaparingan dalem, lan ditemtokake blanjane sarta diparingi bumi dening Sang Prabu.


Saka ing Sion, sampurnaning kaendahan, Gusti Allah miyos ngagem kamulyan.


He gunung-gunung kang pucake akeh, yagene kowe padha ewa mleroki gunung kang dikarsakake dening Gusti Allah dadi padalemane? Lah Pangeran Yehuwah bakal dedalem ana ing kono ing salawase.


Karetane Gusti Allah iku puluhan ewu, malah ewon kehe, Pangeran wus tedhak saka ing gunung Sinai lumebet ing padaleman suci.


“Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake.


Sawuse mangkono ing wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku katon ana wong jaga, wong suci, kang tumurun saka ing langit;


Gusti Allah rawuh saka ing tanah Teman, sarta Kang Mahasuci saka ing pagunungan Paran, (sela). Kamulyane nasabi sakurebe langit, lan bumi kebak pamuji marang Panjenengane.


Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.


Sampeyan sampun sami tampi angger-anggering Toret, ingkang dipun paringaken lumantar para malaekat, nanging sami boten sampeyan tetepi.”


Pranatan leladi kang nuntun marang pati iku katulis ing watu kalawan aksara. Ewasamono nalika kaparingake sinartan kamulyaning Allah, kang njalari wong Israel padha ora betah nyawang marang wedanane Nabi Musa, marga kadunungan kamulyan, sanadyan kamulyan mau bakal sirna,


Awit, manawa ayahan kang nekakake paukuman iku luhur, mendahane maneh ayahan kang ngolehake kabeneran yen oraa ngluwihi kamulyane.


Awit kabeh wong, kang uripe saka ayahane angger-anggering Toret iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggone nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Toret.”


Lha yen mangkono apa tegese angger-anggering Toret iku? Iku ditambahake awit saka anane panerak-panerak nganti rawuhe turun kang dikarepake ing prasetya iku – lan angger-anggering Toret iku kaparingake lumantar malaekat-malaekat marang astane sawijining pantara.


Iki sawijining pasemon. Sabab wanita loro iku mrasemoni prajanjian loro: kang siji kang asale saka gunung Sinai lan anak-anak padha batur tukon iku, yaiku Ibu Hagar –


Iya pangandika iku mau kang didhawuhake dening Sang Yehuwah marang sapepake pasamuwanmu kanthi swara kang banter ana ing gunung ing satengahe geni lan mendhung sarta peteng ndhedhet, lan ora disambeti apa-apa maneh. Kabeh iku banjur diserat ing papan watu loro, tumuli diparingake marang aku.”


sarta amrih leganing atimu kang padha ditindhes, lan uga tumrap marang aku kabeh, samangsa Gusti Yesus saka ing swarga ngatingal ginarebeg ing para malaekate, ngagem panguwasane, ing sajroning geni kang murub makantar-kantar,


awit padha ora betah ngrungokake dhawuh iki: “Dalah kewan manawa ana kang nggepok marang gununge, iku kudu dibenturi watu.”


Sabab manawa pangandika kang kadhawuhake lumantar para malaekat iku tetep tumindak, sarta sarupane panerak lan pamurangsarak iku nampani piwales murwat,


Mungguh ing wong-wong iku, iya wis ana pamecane Sang Henokh, turun kang kapitu saka Bapa Adam, wiraose: “Lah Pangeran rawuh ginarebeg ing abdine para suci puluhan ewu


Aku tumuli ndeleng lan krungu swarane malaekat akeh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahe maleksa-leksa lan maewu-ewu leksa,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan