Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 33:16 - Kitab Sutji

16 sarta kalawan pepethingane bumi saisine; apadene sih-kadarmane Kang dedalem ana ing grumbul eri. Kabeh iku tumuruna ing sirahe Yusup, iya ing embun-embune kang pinunjul dhewe ana ing antarane para sadulure.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 33:16
22 Iomraidhean Croise  

Kacarita nalika ana sudagar-sudagar Midian liwat, Yusuf dientasake saka ing jero sumur, lan didol marang wong Ismael, payu rong puluh sekel salaka; Yusuf banjur digawa menyang ing tanah Mesir.


Anadene Yusuf didol dening wong Midian mau menyang ing tanah Mesir, marang Sang Potifar, punggawane Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama.


Ing kono para sadulure padha ngucap: “Apa kowe kepengin ngratoni aku iki kabeh?” Temahan saya mundhak maneh sengite jalaran saka impene lan tembunge iku.


Dhaharan banjur kaladekake, Sang Yusuf disaosi piyambak, para sadhereke dhewe, lan wong Mesir kang padha ndherek mangan iya dhewe, marga wong Mesir iku ora kena kembul mangan karo wong Ibrani, prakara mangkono kalebu kanisthan tumrap wong Mesir.


Berkahe bapakmu iku ngungkuli berkahe gunung-gunung wiwit jaman biyen, yaiku kang luwih dening ngresepake ana ing tengger-tengger kang wus pirang-pirang abad anane; kabeh mau bakal tumurun ana ing sirahe Yusuf, ing embun-embunane wong kang linuwih ana ing antarane para sadulure.


Masmur anggitane Prabu Dawud. Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.


Manawa Ingsun kerapan, ora usah ngandika marang sira, amarga jagad saisine kabeh iku kagunganingSun.


Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan, mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa.


wong wadon iku tumuli ngandhut sarta nglairake anak lanang. Bareng weruh yen bayine iku bagus, nuli didhelikake nganti telung sasi lawase.


“Bekere jaraning mungsuh keprungu saka ing Dhan, saindenging nagara padha gumeter dening bengingehing jarane lanang. Tekane ngentekake nagara saisine, kutha dalah wong saisine padha dipangan.


Putrane Rama Yusuf iku Rama Manasye lan Rama Efraim.


Lan uga bab tangine wong mati, apa kowe ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, anggone Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub?


“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


Nabi Musa punika, ingkang sampun dipun tampik dening tiyang-tiyang wau kaliyan pangucapipun: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha jeksa? – inggih Nabi Musa punika ingkang kautus dening Gusti Allah dados pangageng sarta juru pangluwaran, lumantar malaekat, ingkang sampun ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing grumbul eri.


Sabab “bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.”


Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe: “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati.


Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan