Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 33:12 - Kitab Sutji

12 Tumrap Benyamin iku pangandikane: “Iku kekasihe Sang Yehuwah, kang tentrem pamanggone ana ing ngarsane. Sang Yehuwah kang tansah ngayomi sarta dedalem ana ing ereng-erenging gununge.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 33:12
24 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Dawud banjur ngimur-imur galihe Sang Putri Batsyeba, kang garwa; panjenengane banjur ngrawuhi Sang Putri sarta nunggil sare; lan Sang Putri banjur mbabar putra kakung, Sang Prabu Dawud maringi asma Suleman. Sang Yehuwah ngasihi marang putra iku


lan lumantar Nabi Natan maringi asma Yedija, marga saka karsane Sang Yehuwah.


Bareng Sang Prabu Rehabeam wus rawuh ing Yerusalem, banjur nglempakake wong trah Yehuda kabeh lan taler Benyamin, cacahe satus wolung puluh ewu, kabeh wong nonoman kang saguh perang nglawan turune Israel, karsane arep mangsulake karajan iku marang Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman.


Sarawuhe ing Yerusalem Sang Prabu Rehabeam nuli ngempalake turune Yehuda lan Benyamin, satus wolung puluh ewu, wong nonoman kang sembada ing perang, karsane arep merangi wong Israel, supaya karajan iku bali maneh marang panjenengane.


banjur seba marang ing ngarsane Sang Prabu Asa sarta munjuk marang panjenengane: “Kawula aturi miyarsakaken dhumateng kawula, dhuh Sang Prabu Asa tuwin Yehuda saha Benyamin sadaya! Pangeran Yehuwah badhe nganthi dhumateng paduka sadaya uger paduka sami ndherek ing Panjenenganipun. Manawi paduka sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun rena, samangsa paduka sowani. Nanging manawi paduka sami nyingkur dhateng Panjenenganipun, badhe tinilar ing Panjenenganipun.


“Iki padalemaningSun ing salawase, ana ing kene anggoningSun bakal dedalem, awit iku karsaningSun.


Umat Paduka sampun paduka damel rekaos sanget, kawula sampun sami Paduka ombeni anggur ingkang mendemi.


kowe bakal dikemuli kalawan elare, bakal diayomi ing sangisoring swiwine, kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.


Sesotya loro iku kapasanga ana ing pundhakane kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel; Harun kang kudu nggawa jenenge ana ing pundhake marang ing ngarsaning Sang Yehuwah sarta dadia pangeling-eling.


mangkene pangandika kang wus kalairake dening Sang Yehuwah tumrap ratu iku: Kenya, yaiku putri ing Sion, wus ngremehake sira, wus moyoki sira; sarta putri ing Yerusalem wus gedheg-gedheg ana ing burinira.


Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”


Ingsun maringake pangandikaningSun ana ing cangkemira tuwin nyingidake sira ana ing aubing astaningSun, supaya Ingsun mbeber langit maneh lan masang tetalesing bumi, sarta ngandika marang Sion: Sira iku umatingSun!


Ingsun wus nilar padalemaningSun, nagara kagunganingSun wus Sunbucal, gantilaning galihingSun wus Sunpasrahake marang mungsuhe.


saka taler Benyamin: Elidad bin Kislon;


Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem.


Nanging samangsa kowe wus nyabrang bengawan Yarden lan manggon ing tanah kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi duwekmu, lan samangsa Panjenengane wus maringi tentrem uwal saka sakehe mungsuh kang ana ing saubengmu, lan kowe wus padha bisa manggon kalawan ayem,


Kaya patrape manuk garudha anggone ngiyun-iyun isining susuhe, nglayang-nglayang ngreksa anak-anake, mbeber swiwine, nadhahi anake siji, lan banjur digendhong ing swiwine,


Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa mberkahi kakiyatanipun, saha pedalemanipun mugi ndadosna ing kaparenging panggalih Paduka. Tiyang ingkang sami nglawan tuwin nyengiti mugi Paduka remuk bangkekanipun, ngantosa sami boten saged ngadeg malih.”


Ing sarehne Panjenengane ngasihi para leluhurmu lan milih para turune, mulane Panjenengane piyambak wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir srana kakiyatan kang linuwih;


Nanging wong Yebus, kang manggon ana ing Yerusalem ora ditundhung dening bani Benyamin, dadine wong Yebus iku isih padha manggon awor karo bani Benyamin ana ing Yerusalem nganti saprene.


Nabi Samuel banjur ndhawuhi maju sakehing talere Israel; ing kono kang katuding taler Benyamin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan