Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 33:11 - Kitab Sutji

11 Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa mberkahi kakiyatanipun, saha pedalemanipun mugi ndadosna ing kaparenging panggalih Paduka. Tiyang ingkang sami nglawan tuwin nyengiti mugi Paduka remuk bangkekanipun, ngantosa sami boten saged ngadeg malih.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 33:11
18 Iomraidhean Croise  

Sadaya punika, dhuh Sang Prabu, kaaturaken Arauna dhumateng Sang Prabu.” Arauna uga munjuk marang Sang Prabu: “Mugi-mugi Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem, karenan galihipun dhateng Sang Prabu.”


Sang Yehuwah mugi ngintunana pitulungan saking pasucen dhateng panjenengan dalem, sarta nyantosakaken panjenengan dalem saking Sion.


yaiku para wong kang anggere bae ngarani wong liya nindakake kaluputan ana ing sawijining prakara, kang masangi kala jiret marang wong kang srengen ana ing gapura, sarta kang ngono-ngono wong bener awewaton kang ora-ora.


Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula, tiyang ingkang dados wijining paben lan garejegan tumrap tiyang sanagari. Kula sanes tiyang ingkang nyambutaken utawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena, nanging sadaya sami nyupaosi kula.


Para tiyang ingkang sami mbujeng kawula, kajengipun nandhang wirang, nanging kawula sampun ngantos kawirangan; kajengipun sami giris, nanging kawula sampun ngantos giris. Dintening bilai nempuha dhateng para tiyang punika, saha sami Paduka sirnakna ngantos tikel.


Sawuse mungkasi pitung dina mau, ing dina kawolu lan sateruse imam-imam padha nyaosna kurban-kurbanira obaran lan kurban-kurban kaslametanira ana ing misbyah kono; ing kono Ingsun bakal karenan menggah ing sira kabeh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Wong iku padha sengit marang sapa bae kang melehake ana ing gapurane kutha, lan enek marang kang ngucapake tembung-tembung kalawan eklas.


Sing sapa ngrungokake kowe, iku ngrungokake Aku lan sing sapa nampik marang kowe, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku.”


Sami mulangaken pranatan Paduka dhateng Yakub, saha angger-angger Paduka dhateng Israel; sami kekutug wangen-wangen wonten ing ngarsa Paduka saha nyaosaken kurban ingkang kabesmi sadaya wonten ing misbyah Paduka.


Tumrap Benyamin iku pangandikane: “Iku kekasihe Sang Yehuwah, kang tentrem pamanggone ana ing ngarsane. Sang Yehuwah kang tansah ngayomi sarta dedalem ana ing ereng-erenging gununge.”


Mulane sing sapa nampik bab iki, iku ora nampik manungsa, nanging nampik marang Gusti Allah kang uga wus maringake Rohe kang suci marang kowe kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan