Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 33:10 - Kitab Sutji

10 Sami mulangaken pranatan Paduka dhateng Yakub, saha angger-angger Paduka dhateng Israel; sami kekutug wangen-wangen wonten ing ngarsa Paduka saha nyaosaken kurban ingkang kabesmi sadaya wonten ing misbyah Paduka.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 33:10
37 Iomraidhean Croise  

Nuli padha ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu Uzia lan matur: “Dhuh, Sang Prabu Uzia, paduka boten kagungan wewenang mbesmi dupa kagem Pangeran Yehuwah, namung para imam tedhakipun Rama Harun ingkang sampun kasucekaken, ingkang wenang mbesmi dupa! Paduka kawula aturi miyos saking papan suci punika. Paduka sampun boten setya malih. Paduka boten badhe angsal kaluhuran saking Pangeran Yehuwah Allah margi saking prakawis punika.”


Sang Prabu Hizkia paring pangalembana marang sakehe wong Lewi kang anggone leladi marang Pangeran Yehuwah kanthi wasis. Kaya mangkono anggone wong-wong padha mangan pangan riyaya ing sajrone pitung dina, kambi saos kurban slametan sarta ngunjukake panuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.


Amarga wus gembleng tekade Imam Ezra anggone arep nitipriksa lan nindakake Torete Sang Yehuwah, apadene mulang bab pranatan lan sarak ana ing Israel.


Wong sapasamuwan kabeh yaiku wong kang padha mulih saka ing pambuwangan, padha gawe tarub, lan manggon ing kono. Pancen wong Israel ora tau nglakoni kang mengkono iku, wiwit jamane Sang Yusak, bin Nun kongsi tumeka ing wektu mau. Nuli padha nganakake pista gedhen-gedhen.


Kurban sembelehan ingkang katarimah ing Gusti Allah punika manah ingkang rempu, manah ingkang pepes lan remuk, dhuh Allah punika boten Paduka galih asor.


Sawuse mungkasi pitung dina mau, ing dina kawolu lan sateruse imam-imam padha nyaosna kurban-kurbanira obaran lan kurban-kurban kaslametanira ana ing misbyah kono; ing kono Ingsun bakal karenan menggah ing sira kabeh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah, amarga sira kang emoh wanuh, mulane sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira, mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.


Jeroan lan pupune kudu dikumbah, banjur kabeh disaosna lan diobonga dening imam ana ing misbyah: iku kurban obaran, kurban genenan kang gandane damel renane panggalihe Sang Yehuwah.


Nuli manuke disuweka ing poking swiwine, nanging ora nganti pisah; banjur diobonga dening imam ana ing misbyah, ing kayu kang murub; iku dadi kurban obaran, iya kurban genenan, kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah.”


Nanging jeroane lan pupune kudu dikumbah, banjur diobonga kabeh dening imam ana ing misbyah minangka kurban obaran, minangka kurban genenan kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah.


Sarta maneh sira wulangna marang wong Israel, sakehe pranatan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong-wong iku lumantar Nabi Musa.”


banjur njupuka padupan kaisenana mawa mengangah saka ing misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah nganti kebak, apadene njupuka dupa racikan wangi kang alus rong gegem digawaa lumebu menyang ing saburine geber.


Dupane tumuli ditumpangna ing geni ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti kukuse dupa nglimputana tutup pangruwatan kang ana ing dhuwure angger-anggere Gusti Allah, supaya Harun aja nemahi pati.


Nalika tanggal kaping patlikur sasi kang kasanga, ing taun kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi lumantar Nabi Hagai, surasane:


“Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Njaluka piwulang marang para imam.


Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Padupane jupuken, wenehana geni saka ing misbyah, lan dokokana dupa, umat iku enggal paranana lan nganakna pirukun kanggo wong-wong iku, awitdene bebendune Pangeran Yehuwah wus mulad-mulad, wewelak mau wus wiwit nempuh.”


karo piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;


Diprayitna ing bab lelara saraat, dienggal tindakna sakehing piwulange para imam bani Lewi marang kowe; apa kang wus dakprentahake marang para imam, iku lakonana kanthi temen-temen.


Para wong Lewi banjur wiwita mituturi marang wong Israel kabeh kalawan swara kang seru:


Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa mberkahi kakiyatanipun, saha pedalemanipun mugi ndadosna ing kaparenging panggalih Paduka. Tiyang ingkang sami nglawan tuwin nyengiti mugi Paduka remuk bangkekanipun, ngantosa sami boten saged ngadeg malih.”


Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.


Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.


Lan Ingsun wus miji saka ing antarane taler Israel kabeh dadi imam kagem Ingsun, supaya saos kurban ana ing misbyahingSun, ngobong dupa lan manganggo efod ana ing ngarsaningSun; golonganira wus Sunpasrahi sakehing kurbane genenan wong Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan