PANGANDHARING TORET 33:1 - Kitab Sutji1 Iki berkah kang kaparingake dening Nabi Musa abdine Gusti Allah marang wong Israel sadurunge seda; Faic an caibideil |
Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.
lan manut tatanane Sang Prabu Dawud, kang rama, golongan-golonganing para imam padha kaparingan kawajibane dhewe-dhewe, dene para wong Lewi padha pinaringan kawajiban ngidungake pepujian lan ngladeni marang para imam, iku saben dina manut kang ketetepake ing dina iku, sarta uga para jaga gapura tumrap golongan-golongane kanggo saben gapura. Amarga mangkono dhawuhe Sang Prabu Dawud, abdining Allah.
Wong bani Yehuda padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing Gilgal. Ing nalika iku Kaleb bin Yefune, wong Kenas matur marang panjenengane: “Panjenengan sampun nguningani pangandikanipun Sang Yehuwah dhateng Nabi Musa, abdinipun Pangeran, ing ngatasipun kula sami ugi kados tumrap panjenengan wonten ing Kadesy-Barnea.