PANGANDHARING TORET 32:9 - Kitab Sutji9 Awitdene kang dadi pandumane Pangeran Yehuwah iku umate, Eyang Yakub iku kang katetepake dadi kagungane piyambak. Faic an caibideil |
Amargi Paduka ingkang sampun misahaken tiyang-tiyang wau saking antawisipun sadaya bangsa ingkang wonten ing bumi, Paduka dadosaken kagungan Paduka, kadosdene ingkang sampun Paduka pangandikakaken lumantar Nabi Musa, abdi Paduka, nalika Paduka ngirid leluhur kawula sadaya medal saking ing tanah Mesir, dhuh Pangeran Yehuwah!”
unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”
Amargi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, punika ingkang sampun ngentasaken kita saking tanah Mesir, papan pangawulan, sarta ingkang sampun nindakaken pratandha-pratandha mukjijat ingkang ageng punika ing sapaningal kula, punapa dene ingkang sampun ngreksa kita wonten ing sauruting margi ingkang kula ambah, saha wonten ing antawisipun sakathahing bangsa ingkang kula langkungi tanahipun.
Nabi Samuel banjur mundhut guci isi lenga, disuntak ing sirahe Saul, diambung karo ngandika: “Sang Yehuwah rak wus njebadi kowe dadi ratu tumrap umate Israel? Kowe bakal nyekel paprentahan, ngereh umate Sang Yehuwah lan kowe bakal ngluwari bangsa Israel saka ing tangane para mungsuh ing sakubenge. Iki pratandhane kanggo kowe, yen Sang Yehuwah wis njebadi kowe dadi ratune kagungane piyambak: