Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:8 - Kitab Sutji

8 Ing nalika Kang Mahaluhur mandumi tanah-pusaka marang para bangsa, iya ing kalane misahake para anake manungsa, Panjenengane netepake wilayahe para bangsa iku miturut cacahe wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:8
23 Iomraidhean Croise  

Kanaan nurunake Sidon, iku anake pambarep lan Het,


Eber duwe anak lanang loro, kang siji jenenge Peleg, marga nalika samana bumi kabage, dene adhine jenenge Yoktan;


Iku padha nurunake bangsa-bangsa kang pencar-pencar ngenggoni tanah pasisir wengkone para bangsa. Yaiku turune Yafet, mawa-mawa tanahe, basane, golongane lan bangsane.


pangandikane: “Tanah Kanaan bakal Sunparingake marang sira, minangka tanah-pusaka kang katemtokake kanggo sira!”


nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau, lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.


Langit iku langit kagunganing Sang Yehuwah, dene bumi wus diparingake marang para anaking manungsa.


Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur!


Piala kang ditindakake mau mbalik nempuh endhase dhewe, sarta panganiayane nibani pathake dhewe.


Paduka ingkang netepaken watesipun bumi sadaya, mangsa ketiga kaliyan mangsa rendheng Paduka ingkang ngawontenaken.


Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah, lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. –


Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa,


Manawi tiyang duraka anggenipun gesang sami kados tetuwuhan, sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembaka punika supados sami katumpesa ing salami-laminipun.


Aku arep mumbul nganti ngungkuli mega, arep madhani Kang Mahaluhur!


Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane.


Dhuh gusti kawula Sang Prabu, Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, sampun maringaken pangwaos jumeneng ratu, kaagungan, kamulyan lan kaluhuran dhumateng Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem.


Mulane bakal ora ana wong kang nguncalake tali kalawan undhian kanggo sira ana ing pasamuwane Sang Yehuwah.


Awit bangsa iku dakdeleng saka ing pucake gunung-gunung parang daksawang saka ing pagunungan. Lah iku bangsa kang manggon ndhewe, lan ora gelem kepetung kegolong tunggale bangsa liya.


Calathune wong kang krungu sabdane Gusti Allah, lan kang nampani kawruh ing ngatase Kang Mahaluhur, kang ndeleng wahyune Kang Mahakawasa, kambi lumah-lumah, nanging klawan kabuka mripate.


Sadaya bangsa lan sadaya umat kadadosaken dening Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggeni jagad punika sadaya punapadene Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggenipun.


Namung kemawon Ingkang Mahaluhur boten dedalem ing yeyasaning tanganipun manungsa, kados ingkang kapangandikakaken dening nabi makaten:


Kalawan tentrem pamanggone Israel, sumbere Yakub lestari, ora kareridhu ana ing nagara kang kadunungan gandum lan anggur, malah langite nurunake ebun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan