Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:7 - Kitab Sutji

7 Elinga marang jaman kuna, gatekna taun-taune turun kang wus kepungkur, tekokna marang bapakmu, iku kang bakal nerangake marang kowe, lan marang para pinituwa, iku kang bakal ngandhani marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:7
17 Iomraidhean Croise  

Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal gograg, aku ora bakal tinempuh ing bilai nganti turun-tumurun.”


Dhuh Yehuwah, pangadilan Paduka ingkang saking kina mila kawula engeti, milanipun angsal panglipur.


Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.


Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak, saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula, bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun, inggih kala jaman kina.


“Pangeran apa iya nampik ing salawase, lan apa ora bakal paring sih-piwelas maneh?


Pangeran wus ndhawuhake pepenget marang trahe Rama Yakub, lan angger-anggering Toret marang Banisrael; para leluhur kita padha kadhawuhan ngluntakake iku marang para anak putune,


Dene manawa anak-anakmu padha takon marang kowe: Punapa tegesipun pangibadah punika?,


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Sira padha ngelingana lelakon-lelakon biyen kang kadadean dhek jaman kuna, manawa iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane, Ingsun iki Allah lan ora ana kang kaya Ingsun,


Nunten sami kengetan dhateng jaman kina, jamanipun Nabi Musa, abdinipun punika: Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngentas saking seganten sesarengan kaliyan pangening menda-mendanipun? Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngesokaken Rohipun ingkang suci wonten ing manahipun;


Amarga coba takok-takokna, wiwit ing poncoting langit nganti tekan ing poncoting langit, bab jaman kang kapungkur sadurunge kowe ana, wiwit ing dinane Gusti Allah nitahake manungsa ana ing bumi, apa tau kelakon bab kang samono gedhene iku, utawa apa tau kaprungu prakara kang kaya mangkono iku.


Karomaneh kowe elinga, anggonmu wus dilakokake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan sajrone patang puluh taun iki, karsane ndadekake andhap-asormu lan nyoba marang kowe, supaya tetelaa apa kang ana ing sajrone atimu, yaiku apa kowe netepi pepakene apa ora.


Atur wangsulane Gidheon: “Adhuh Gusti, manawi saestu Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan kawula sadaya, punapaa dene kawula ngantos sami nandhang ingkang kados makaten punika sadaya? Pundi ta sakathahipun kaelokan ingkang dipun cariyosaken para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya, kala cariyos: Apa dudu sang Yehuwah kang wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir? Nanging sapunika Pangeran Yehuwah sampun negakaken dhateng kawula, sami kaulungaken dhateng ing tanganipun tiyang Midian.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan