Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:6 - Kitab Sutji

6 He bangsa golongan kang gemblung lan tanpa budi, apa iku pamalesmu marang Pangeran Yehuwah? Iku rak Ramamu kang nitahake kowe, kang nganakake lan kang nguwatake kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:6
39 Iomraidhean Croise  

Paduka sampun ngangkat umat Israel dados umat Paduka kangge ing salaminipun saha Paduka dados Allahipun, dhuh Yehuwah.


Asta Paduka ingkang mangun saha ngwujudaken kawula, nanging Paduka kok lajeng boten karsa mirsani kawula sarta badhe nyirnakaken kawula?


Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane, umate lan pepanthan wedhus ngenngenane.


Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah, tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku?


Bangsa Israel cikben bungah-bungah awit saka Gusti Allah, kang nitahake, para anake Sion kareben padha asurak-surak awit saka ratune.


Paduka mugi karsaa ngengeti punika: mengsah memada, dhuh Yehuwah, bangsa ingkang keblinger punika ngawon-awon asma Paduka.


Paduka mugi karsaa ngengeti umat Paduka ingkang sampun Paduka pundhut wiwit kala kina, ingkang Paduka tebus dados bangsa kagungan Paduka piyambak, saha mugi karsaa ngengeti dhateng redi Sion kadhaton Paduka!


Lumebua, payo padha tumungkul sujud, padha jengkeng ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, kang nitahake kita,


Sami kataman miris lan ajrih, ngantos kaken kados sela amargi saking agungipun asta Paduka, dhuh Yehuwah, inggih ngantos dumugi ing samentasipun umat Paduka, ngantos samentasipun umat ingkang Paduka dadosaken kagungan Paduka punika.


Sira kudu matur marang Pringon: Dhawuhipun Pangeran Yehuwah makaten: Israel iku putraningSun, iya putraningSun pambajeng;


Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun.


Samangsa pang-pange kang cilik-cilik wus garing, bakal padha disempali; nuli kaobong dening para wong wadon kang padha teka. Awit iki sawijinig bangsa kang tanpa budi, yaiku kang njalari ora kaparingan palimirma dening kang nitahake lan ora kinasihan dening kang mangun.


Nanging saiki mangkene pangandikane Sang Yehuwah kang nitahake kowe, he Yakub, kang mangun kowe, he Israel: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun.


yaiku sakehing wong kang jenenge nganggo asmaningSun, kang Suntitahake kagem kamulyaningSun, kang Sunwangun lan kang uga Sundadosake!”


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang mangun sira wiwit ing wetengan tuwin kang mitulungi sira: Sira aja wedi, he abdiningSun Yakub, sarta he Yesyurun, kang wus Sunpilih!


Paduka punika rak Rama kawula sadaya? Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya, saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya. Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya; asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.


Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya! Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.


“UmatingSun iku nyata-nyata bodho, padha ora wanuh marang Ingsun. Bocah-bocah kang goblog, lan ora ngreti apa-apa, pintere yen nindakake piala, nanging panggawe becik ora dimangreteni.”


“Iki rungokna, he bangsa kang goblog lan kang tanpa budi, kang duwe mripat nanging ora ndeleng, lan duwe kuping, nanging ora krungu!


Nglarani arep duwe anak iku sadurunge bayine lair, nanging dheweke iku anak kang tanpa budi, awit anggone obah ora ngetrepi wektune, bareng wus tekan ing wancine, emoh metu saka ing guwa-garbane ibu.


Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, – he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”


Kowe kabeh padha nglakoni panggawene bapakmu dhewe.” Unjuke wong-wong mau: “Lair kula punika boten saking bedhang, kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Gusti Allah.”


Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.


Awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowe dadi wedi maneh, nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: “Abba, Rama!”


Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!


Sabab marga saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus kowe padha dadi putrane Gusti Allah.


Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”


apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.


“Kowe iku padha putrane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe aja padha mblereki kulitmu lan aja nyukur rambutmu ing sadhuwure bathukmu marga kepaten;


Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi, – kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah –, banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahake lan ngremehake gunung paranging karahayone.


Gunung Parang kang nganakake kowe iku koklirwakake, lan Gusti Allah kang nglairake kowe koklalekake.


Awitdene iku bangsa kang tanpa nalar, padha tanpa budi.


Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.


Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan