52 Sira Sunparengake nyawang nagara iku ana ing ngarepira, nanging sira ora kalilan lumebu mrana, menyang ing nagara kang bakal Sunparingake marang wong Israel.”
Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung Abarim iki, nuli nyawanga marang tanah bakal peparingingSun marang wong Israel.
Sira munggaha menyang pucake gunung Pisga, nuli ndelenga mangulon, mangalor, mangidul sarta mangetan lan delengen kang temenan, marga sira bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden iki.
“Sira munggaha menyang ing pagunungan Abarim, menyang ing gunung Nebo kang ana ing tanah Moab ing penere Yerikho, banjur sira nyawanga tanah Kanaan kang bakal Sunparingake marang wong Israel dadi darbeke.
Iku mau kabeh sedane sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakake, mung mirsani saka kadohan lan ngawe-awe saka kadohan, sarta padha ngaken manawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.