Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:51 - Kitab Sutji

51 iku marga sira ngowahi kasetyanira marang Ingsun ana ing satengahe wong Israel ing sacedhake sumber Meriba ing Kadesy, ing pasamunan Zin, lan marga sira ora nucekake Ingsun ana ing satengahe wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:51
10 Iomraidhean Croise  

Nanging Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, iku kang kudu sira akoni dadi Kang Suci; iya Panjenengane iku kang kudu sira wedeni lan ana ing ngarsane iku sira gumetera.


Ing sisih kidul: tapel-watese wiwit saka ing Tamar terus, ngliwati sumber Meriba ing sacedhake Kadhesy, terus nganti tekan kali Mesir, banjur terus nganti tekan ing sagara gedhe. Yaiku tapel-watese ing sisih kidul, adu wates karo Negeb.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.


“Harun bakal kakumpulake karo para leluhure, awitdene ora bakal melu lumebu ing tanah kang Sunparingake marang wong Israel, marga sira padha nglirwakake marang dhawuhingSun ana ing sacedhake banyu ing Meriba.


Mulane mangkono awit nalika ana ing pasamunan Zin, wong-wong padha nglawan, sira sakloron padha mbangkang marang dhawuhingSun, supaya padha ngatonake kasuceningSun ana ing ngarepe wong-wong iku srana ngolehake banyu.” Iya iku sumber Meriba ing sacedhake Kadesy ing pasamunan Zin.


Anadene panduman kang kaundhi kanggo taler Yehuda manut gotrahe iku nganti tekan ing tapel-watese tanah Edom, nganti tekan ing ara-ara samun Zin ing poncot kidul,


Jalaran saiki wis tumeka ing titi-mangsane pangadilan kawiwitan lan bakal kawiwitan saka ing padalemaning Allah. Mangka manawa kawiwitan saka kita, kapriye bakal wekasane wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan