Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:47 - Kitab Sutji

47 Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:47
24 Iomraidhean Croise  

Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekel sarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja.


iku bakal dadi uripe nyawamu, lan minangka rerenggane gulumu.


Manuta marang pamerdi, aja kokeculake, iku reksanen, marga iya iku uripmu.


awit iku dadi panguripane wong kang nemu, lan dadi kawarasaning badane sakojur.


Ora tau Ingsun ngandika kalawan asingidan tuwin ana ing panggonan ing bumi kang peteng. Ora tau Ingsun dhawuh marang turuning Yakub supaya ngupaya Ingsun kalawan nglaha! Ingsun, Yehuwah, manawa ngandika mesthi bener, sarta tansah martakake apa kang sanyata.”


Poma sira padha netepana pranatan lan katetepaningSun. Sapa wong kang ngestokake mesthi bakal urip; Ingsun iki Yehuwah.


Awit mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang turune Israel: “Sira padha ngupaya Ingsun, temah bakal urip!


Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.


Inggih Nabi Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan wonten ing ara-ara-samun ing antawisipun malaekat ingkang nglairaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten ing redi Sinai kaliyan leluhur kita, saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng panjenengan sadaya.


marga ing dina iki aku prentah marang kowe, supaya kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta lumakua ana ing dalan pitedahe, apadene netepana ing pepaken lan katetepan sarta prasetyane, supaya kowe lestaria urip lan tangkar-tumangkara, sarta diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi.


Dalah para anak-putune kang ora nyumurupi, iya padha bisaa krungu lan nyinau wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, salawase urip ana ing tanah kang lagi kokparani, kalawan nyabrang bengawan Yarden, lan kang bakal kokenggoni.”


Wesi lan tembaga dadia slaraking lawangmu, lan kasantosanmu lestaria sajege uripmu.


Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”


Mulane iku padha lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa, kang samangsa krungu sakehe katetepan iku, bakal celathu: Bangsa gelengan gedhe iki pancen bangsa kang wicaksana lan limpad ing budi.


Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.


Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.


Jalaran anggonku padha nyumurupake kowe bab panguwaos lan bakal rawuhe Gusti kita, Gusti Yesus Kristus kang jumeneng ratu, iku ora marga ngandel marang dongenge wong kang ora nyata, nanging aku kabeh iki padha dadi seksi ing bab kaluhurane.


Marga saka panguwasane kaallahane, kita wis padha kaparingan samubarang kang prelu tumrap ing urip kang mursid, srana wanuh marang Panjenengane kang wis nimbali kita marga saka panguwaose kang mulya lan ngeram-eramake.


Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan