PANGANDHARING TORET 32:43 - Kitab Sutji43 He, para bangsa, padha surak-suraka marga saka umate, awitdene Panjenengane malesake getihe para abdine, sarta bakal ndhawahake piwales marang kang padha nglawan ing Panjenengane, sarta bakal nganakake pirukun tumrap tanahe umate.” Faic an caibideil |
mugi Paduka ugi karsa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapa dene Paduka mugi karsaa tumindak salaras kaliyan sadaya ingkang dipun unjukaken dening tiyang manca wau dhumateng Paduka, supados sadaya bangsa ing bumi sami tepang kaliyan asma Paduka, satemah sami ajrih dhumateng Paduka kados dene umat Paduka Israel saha lajeng sami sumerep, bilih asma Paduka kaucapaken tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.