PANGANDHARING TORET 32:41 - Kitab Sutji41 samangsa Ingsun ngasah pedhangingSun kang gilap, sarta astaningSun ngasta pangadilan, mesthi Ingsun bakal paring piwales marang kang padha nglawan marang Ingsun, sarta males marang para satruningSun. Faic an caibideil |
He wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah. Lah, Ingsun wus supaos, demi asmaningSun kang agung, – pangandikane Sang Yehuwah – manawa asmaningSun ora bakal disebut dening sawiji-wijining wong Yehuda ana ing saindenging tanah Mesir, kalawan ngucapake: Demi Gusti Allah kang gesang!
Klumpukna sakehing bala kang asikep gandhewa, sakehing bala-panahan, supaya nglawan Babil! Ngadegna kemah-kemah pangepungan, supaya aja ana kang bisa oncat! Walesen satimbang karo panggawene, trapna marang wong-wong iku kang plek karo kang dilakoni dhewe. Amarga tumindak murang tata ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.