Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:40 - Kitab Sutji

40 Lah Ingsun ngangkat astaningSun marang ing langit kalawan ngandika: Demi Ingsun agesang langgeng,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:40
19 Iomraidhean Croise  

Nanging Rama Abram matur marang raja ing Sodom: “Kula supaos demi Sang Yehuwah, Allah Ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi,


Rama Abraham ana ing Bersyeba mau nanem wit tamariska, sarta ngluhurake asmane Sang Yehuwah Allah kang sipat langgeng.


Sang Yehuwah iku agesang! Pinujia peparangku, linuhurna Gusti Allah paranging karahayonku.


Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking pedhanging bilai, kauwalna saking tanganipun para tiyang ngamanca, ingkang cangkemipun sami ngucapaken dora, tuwin tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.


ingkang cangkemipun ngucapaken dora, sarta ingkang tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.


Nabi Musa banjur ngandika mangkono mau marang wong Israel, nanging padha ora ngrungokake marang pangandikane Nabi Musa, marga wus padha semplah jalaran saka pangawulan kang banget abote iku.


Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran: Demi Sang Yehuwah kang gesang, para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenengane lan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”


He wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah. Lah, Ingsun wus supaos, demi asmaningSun kang agung, – pangandikane Sang Yehuwah – manawa asmaningSun ora bakal disebut dening sawiji-wijining wong Yehuda ana ing saindenging tanah Mesir, kalawan ngucapake: Demi Gusti Allah kang gesang!


lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina nalika Ingsun milih Israel, Ingsun supaos marang turune Yakub sarta ana ing tanah Mesir padha Sunsumurupake marang Ingsun. Ingsun supaos ana ing ngarepe: Ingsun iki Yehuwah Allahira!


Ing dina iku Ingsun supaos ana ing ngarepe manawa bakal padha Sunbekta saka ing tanah Mesir menyang ing tanah kang Sunpilih supaya dadia ebeke, nagara kang mili susu lan madu, tanah kang endah ing antarane sakehing nagara.


Sarehne Ingsun arsa nyirnakake wong kang bener lan kang duraka saka ing tengahira, mulane pedhangingSun bakal kaunus saka ing warangkane banjur nglawan sakehing manungsa wiwit saka ing kidul nganti tekan ing lor.


Ing kono wong kabeh bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah ngunus pedhangingSun saka ing warangkane sarta ora bakal kawarangkakake maneh.


Aku banjur krungu priya kang ngagem pangageman lena kang ana ing sadhuwuring banyune kali iku anggone supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng, kambi ngangkat astane kang tengen lan kang kiwa marang ing langit: “Iku lawase samangsa, rong mangsa lan satengah mangsa; lan manawa wus sirna pangwasane juru pangrusaking bangsa kang suci iku, bab iku kabeh bakal rampung!”


Mung bae, demi Ingsun agesang lan salumahing bumi kebekan kaluhuraning Yehuwah:


para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsane kang lenggah ing dhampar iku, sarta sujud marang Panjenengane kang gesang ing salawas-lawase. Sarta padha nyelehake makuthane ana ing sangarepe dhampar iku kalawan munjuk:


Anadene makluk mau saben-saben padha ngunjukake pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengane kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawase,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan