Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:39 - Kitab Sutji

39 Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane; ora ana Allah, kajaba Ingsun. Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake, Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake; sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:39
41 Iomraidhean Croise  

“Sira balia lan matura marang Hizkia, ratuning umatingSun: Mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal paring waras marang sira; ing dina kang katelu sira bakal lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah.


Sawuse maos layang iku Sang Nata ing Israel banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan ngandika: “Apa ingsun iki Gusti Allah kang bisa mateni lan nguripake, dene wong iki kok kongkonan marang ingsun supaya ingsun nyarasake wong kang lara saraat? Satemene, padha gatekna lan wawasen, wong iku rak mung golek dadakan marang ingsun.”


“Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yehuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa dene saganten saisen-isenipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.


Nanging kawontenan igkang makaten punika kok Paduka sengker ing salebeting panggalih; kawula sumerep, bilih punika pancen sampun dados karsa Paduka.


mangka paduka mirsa, bilih kawula sanes tiyang duraka, saha bilih boten wonten tiyang ingkang saged oncat saking asta Paduka?


Awit Gusti Allah kang natoni, nanging kang mblebed uga; iya natoni, nanging astane nyarasake.


Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun, tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge, lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi,


nanging Paduka piyambak boten ewah-gingsir, saha taun-taun Paduka boten badhe wonten watesipun.


Anadene Gusti Allah iku margine sampurna; kasagahane Sang Yehuwah iku murni; Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing wong kang ngayom marang Panjenengane.


He sira kang padha nyingkur marang Gusti Allah, padha gatekna; supaya aja nganti Sunsempal-sempal, lan ora ana kang ngluwari.


Pancen saestu, Paduka punika karenan dhateng kaleresan ing salebeting batos, kanthi kendel-kendelan Paduka paring sumerep bab kawicaksanan dhumateng kawula.


Pinujia Pangeran! Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita. Gusti Allah iku karahayon kita. (Selah)


Amargi Paduka punika agung saha nindakaken kaelokan-kaelokan; inggih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Allah.


pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”


Sawuse mangkono dhawuhe maneh: “Tanganira lebokna maneh ing tangkeping jubahira!” Sang Musa banjur nglebetake astane maneh ing tangkeping jubahe, bareng ditarik metu, lah wus pulih maneh kaya sarirane.


Ana wayahe mateni, ana wayahe marasake; ana wayahe mbubrah, ana wayahe mbangun.


Wong Mesir bakal dirangket dening Sang Yehuwah, bakal dirangket, banjur diwarasake; nuli bakal padha mratobat marang Sang Yehuwah, tuwin Panjenengane bakal ngabulake pandongane lan nyarasake wong-wong mau.


Padhanging rembulan purnama banjur bakal kaya padhanging srengenge kang sumorot sumelet, tuwin padhanging srengenge kang sumelet iku banjur bakal tikel kaping pitu, yaiku kaya padhange pitung dina, samangsa Sang Yehuwah mblebed tatune umate sarta nyarasake tilase kagebugan.


Sapa kang nglakoni lan nindakake iku kabeh? Panjenengane, kang wiwit biyen mula nimbali para turuning manungsa, Ingsun, Yehuwah, kang dhisik dhewe, tuwin tumrap para wong kang keri dhewe, Ingsun tetep Panjenengane iku uga.


“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.


Ingsun iki kang paring sumurup, kang paring karahayon lan pawarta, tuwin dudu allah ngamanca kang ana ing tengahira. Sira iku padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah, “lan Ingsun iki Allah.


Uga sabanjure Ingsun iki tetep Panjenengane, tuwin ora ana kang bisa luwar saka ing astaningSun; Ingsun kang nindakake, sapa kang bisa malangi?”


Sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake langit, – iya Panjenengane iku Gusti Allah – kang karya bumi lan kang yasa sarta kang nyantosakake iku, – apadene anggone nitahake iku ora banjur disuwungake, nanging iku katitahake supaya dienggoni –: “Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana liyane.


Padha sowana marang ing ngarsaningSun supaya sira padha kaparingan slamet, he poncot-poncoting bumi! Sabab iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane.


Iya Ingsun iki Yehuwah ora ana liyane; kajaba Ingsun ora ana allah maneh. Ingsun wus paring gegamaning perang marang sira, sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun,


Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.


“Rungokna Ingsun, he Yakub, lan sira Israel kang Suntimbali! Ingsun iki tetep ora owah-owah, Ingsun iki kang kawitan, lan uga Ingsun kang wekasan!


Awit saka iku sira medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun mbikak kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun, lan Ingsun bakal ngirid sira menyang ing tanah Israel.


Panjenengane tumuli ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, balung-balung iki apa bisa diuripake maneh?” Aku munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka ingkang nguningani!”


Marga Ingsun iki kaya singa tumrap Efraim, lan kaya singa nom tumrap turune Yehuda. Ingsun, iya Ingsun piyambak bakal nyempal-nyempal, banjur tindak, bakal Sunbekta lumayu lan ora ana kang ngluwari.


“Payo padha bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, awitdene Sang Yehuwah kang nyempal-nyempal, lan kang bakal marasake kita; Panjenengane kang nggebagi kita, lan iya kang bakal mblebed kita uga.


Tanganmu bakal ngungkuli para lawanmu, sarta sakehe mungsuhmu bakal katumpes.


Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”


kaya mangkono Sang Yehuwah piyambak anggone ngirid lakune, ora ana allah liyane kang mbarengi.


Kowe kang ditedahi iku mau, supaya mangertia yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah, ora ana maneh liyane, kajaba mung Panjenengane.


Kang iku sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang jumeneng Allah, Gusti Allah kang setya-tuhu, kang netepi prasetya lan sih-kadarmane tumrap kang padha tresna ing Panjenengane lan netepi dhawuh-dhawuhe, nganti pirang-pirang ewu turunan,


saha badhe Paduka gulung kados jubah, saha sami badhe kasantunan kados pangangge, nanging Paduka punika lestantun sami, saha taun Paduka badhe tanpa wates.”


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:


Sang Yehuwah iku ngganjar pati-urip, Panjenengane nyemplungake wong marang ing jagade wong mati lan ngentas saka ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan