Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:36 - Kitab Sutji

36 Awitdene Pangeran Yehuwah bakal paring kaadilan marang umate, lan bakal melasi marang para abdine, samangsa mirsani yen wus ora ana kekuwatane lan wus sirna kang jeneng abdi lan kang merdika.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:36
24 Iomraidhean Croise  

mulane Ingsun bakal ndhatengake bilai marang turune Yerobeam. Ingsun bakal nyirnakake saben wong lanang saka turune Yerobeam, kang dhuwur lan kang endhek pangkate ana ing Israel. Ingsun bakal nyaponi turune Yerobeam kaya patrape wong nyaponi sesuker nganti resik.


Lah Ingsun bakal nekakake bilai marang sira. Sira bakal Sunsirnakake, samono uga saben wong lanang saka ing panunggalane turune Akhab bakal Suntumpes, iya kang dhuwur iya kang asor kalungguhane ana ing Israel.


Sabab Sang Yehuwah wus nguningani bangeting sangsarane wong Israel iku: wong kang dhuwur lan kang asor kalungguhane wus padha sirna, lan ora ana kang mitulungi Israel.


Brayate Akhab kabeh bakal sirna; lan Ingsun bakal numpes kulawargane Akhab kang lanang, kang pangkate dhuwur lan kang asor ana ing Israel.


Panjenengane enget marang prasetyane marga saka para leluhur mau, temah kaduwung marga saka gedhening sih-kadarmane.


Awitdene Sang Yehuwah iku bakal paring kaadilan marang umate, sarta bakal melasi marang para abdine.


Panjenengane nguwuh marang langit ing dhuwur, lan marang bumi prelu ngadili marang umate:


Dene para bangsa kajengipun sami nglempak ngupengi Paduka, Paduka lajeng karsaa lenggah ing sanginggilipun ing papan ingkang inggil.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul, – ngantos benjing punapa? – saha mugi karsaa melasi dhateng para abdi Paduka.


ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh, sabab rawuhe bakal ngadili jagad, jagad bakal dihakimi kalawan adil, lan para bangsa kalawan kasetyane.


Ing kono Pangeran Yehuwah apiduwung ing bab bilai kang wus karancang bakal katandukake marang umate.


Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawula kados sang prawira ingkang prakosa, pramila ingkang mbujeng kawula badhe kesandhung lan dhawah, lan boten saged nindakaken punapa-punapa. Sami badhe nandhang wirang sanget, amargi sami boten angsal damel; punika badhe dados kawirangan, ingkang salaminipun boten saged dipun supekaken!


Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? Sabab samangsa Sunwelehake, Ingsun tansah kengetan marang dheweke, marga saka iku panggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Manawa sira tetep manggon ana ing nagara kene, Ingsun bakal mbangun lan ora bakal mbubrah sira. Ingsun bakal ndadekake tuwuhira lan ora bakal mbedholi sira, amarga Ingsun keduwung anggoningSun ndhatengake bilai marang sira.


Aku banjur krungu priya kang ngagem pangageman lena kang ana ing sadhuwuring banyune kali iku anggone supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng, kambi ngangkat astane kang tengen lan kang kiwa marang ing langit: “Iku lawase samangsa, rong mangsa lan satengah mangsa; lan manawa wus sirna pangwasane juru pangrusaking bangsa kang suci iku, bab iku kabeh bakal rampung!”


Sapa kang ngreti, bokmanawa karsa mengker lan piduwung, sarta nilari berkah, kagawe kurban dhaharan lan kurban unjukan sumaos marang Pangeran Yehuwah, Allahmu.


Pangeran Yehuwah dadi benter ing panggalih marga saka tanahe, sarta welas-asih marang umate.


Dadi tanah iku bakal ditinggal lan bakal pulih saka wahanane taun-taun sabat-sabate kang dilirwakake salawase cengkar, marga ditinggal ing wong-wong mau, lan wong-wong iku bakal padha nebus kaluputane; mulane mangkono awit wus padha nampik marang pranataningSun, lan atine bosen ngrungokake katetepaningSun.


Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung ing bab iku, pangandikane: “Iku bakal ora kelakon.”


Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung, pangandikane: “Iku uga ora bakal kelakon.”


Jalaran kita sumurup marang Panjenengane kang ngandika: “Piwales iku wewenangingSun. Iya Ingsun kang bakal males.” Sarta maneh: “Pangeran bakal ngadili umate.”


Saben-saben manawa Sang Yehuwah njumenengake hakim ana ing antarane, Sang Yehuwah banjur nunggil karo hakim itu sarta ngluwari umate saka ing tanganing mungsuhe, salawase sugenge hakim mau, amarga Sang Yehuwah welas midhangetake pasambate, kang awit saka wong kang padha gawe rupeke lan nindhes.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan