Malah, sanadyan sira adusa ing banyu landha lan nganggo sabun akeh, ewadene blentonging kaluputanira ora ilang ana ing paningalingSun, mangkono pangandikane Gusti Allah.
“Malah iya kurban kang kokobong dhewe ana ing kutha-kuthaning Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem lan diobong dening para leluhurmu, para ratumu, para panggedhemu lan rakyat ing nagara, apa dudu iku kang diengeti lan digalih dening Sang Yehuwah?
Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,
Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.
Sang Yehuwah nyebratake wong-wong iku saka ing tanahe kalawan duka lan bentering bramatyane lan bebendune kang nggegirisi, banjur padha dibuwang menyang ing nagara liya, kaya kang wus kelakon ing dina iki.