PANGANDHARING TORET 32:32 - Kitab Sutji32 Sanyatane wite anggur wong-wong iku asale saka wit anggur ing Sodom lan saka pakebonan ing Gomora; wohe anggure iku ngandhut racun, pait dhompolane. Faic an caibideil |
Nanging ing kalangane para nabi ing Yerusalem Ingsun nguningani pokal kang rusuh, padha laku jina lan tumindak ora jujur, padha mangkotake atine wong kang nindakake piala, temah ora ana wong kang mratobat saka kadursilane. Kabeh wus padha dadi kaya Sodom tumrap Ingsun, sarta para kang manggon ing kono kaya Gomora.”