Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:30 - Kitab Sutji

30 Apa bisa kelakon wong siji mburu wong sewu lan wong loro bisa ngalahake wong sapuluh ewu, yen oraa wus padha kaedol dening gunung parange lan diulungake dening Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:30
21 Iomraidhean Croise  

Panjenenganipun badhe ngeculaken tiyang Israel margi saking dosa-dosa ingkang sampun dipun lampahi dening Sang Prabu Yerobeam saha ingkang njalari tiyang Israel inggih lajeng damel dosa.”


Bareng wis repet-repet tumuli padha ngadeg lan padha lumebu menyang ing pabarisane wong Aram. Nanging nalika tekan ing pinggiring papan pabarisane wong Aram, ing kono wus ora ana wonge.


Iku padha panunggalane bani Gad, padha dadi tetindhihing wadya-bala; wong siji kang cilik dhewe keconggah nglawan wong satus, dene kang gedhe dhewe keconggah nandhingi wong sewu.


Sanadyan wadya-bala Aram iku mung sathithik, nanging Pangeran Yehuwah ngulungake wadya-bala kang gedhe banget iku marang wong-wong mau, amarga wong Yehuda wus padha ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure. Kaya mangkono dadine wong Aram padha nibakake paukuman marang Sang Prabu Yoas.


Manawa Panjenengane langkung, nuli nangkep lan ngadili, sapa kang bisa mambengi?


Gusti Allah ngulungake aku marang wong dursila, sarta masrahake aku marang tangane wong duraka.


Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka, awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,


Kawula sami Paduka ulungaken kadosdene menda sembelehan, saha kawula sami Paduka sebar wonten ing antawisipun para bangsa.


Ana wong sewu kang bakal lumayu marga sumurup ancamaning wong siji, sira kabeh bakal lumayu marga saka ancamaning wong lima, nganti sira kang padha tininggal kaya pal tetengger ing pucaking gunung lan kaya gendera ing dhuwur tetengger.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Endi ta layange pegat ibunira tandhane manawa wus Suntundhung? Utawa panunggalane kang padha ngutangi Ingsun sapa kang wus tau Sunedoli sira? Lah marga saka kasalahanira dhewe sira wus padha kaedol lan marga saka panerakira dhewe ibunira kausir.


Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha kaedol tanpa bayaran, mulane bakal katebus tanpa bayaran uga.


Mungsuhira bakal sira oyak-oyak, lan bakal padha tiwas ana ing ngarepira dening pedhang.


Wong lima panunggalanira bakal padha mburu wong satus lan wong satus panunggalanira bakal padha mburu wong sepuluh ewu, sarta mungsuhira bakal padha tiwas kabeh dening pedhang ana ing ngarepira.


Sarehne wong iku ora bia ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojone lan sakabehe barang darbeke padha didoli kanggo nglunasi utange.


Gunung Parang, kang sampurna pakaryane, jejeg sakehe margine; marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane, Panjenengane iku bener lan adil.


Wong siji bae panunggalanmu bakal bisa mburu wong sewu, awit dene Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang nyarirani perangmu, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.


Temah bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, mulane padha diulungake marang ing tanganing rampog sarta dipasrahake marang pamengkune para mungsuhe ing sakubenge, temah padha ora bisa nanggulangi mungsuhe mau.


Bebendune Sang Yehuwah temah mulad-mulad marang wong Israel, wong-wong iku banjur dipasrahake marang Sang Prabu Kusyan-Risyataim, ratu ing Aram-Mesopotamia, tuwin wong Israel nuli padha ngawula marang Sang Prabu Kusyan-Risyataim mau wolung taun lawase.


Boten wonten ingkang sucinipun nyameni Paduka, margi boten wonten sanesipun kejawi Paduka, lan boten wonten redi parang ingkang kados Gusti Allah kawula.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan