Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:3 - Kitab Sutji

3 Marga asmane Sang Yehuwah arep dakundhangake: Ngunjukna hurmat marang Gusti Allah kita,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:3
23 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, margi saking abdi Paduka punika saha manut panggalih Paduka anggen Paduka sampun nindakaken pakaryan ingkang agung punika sadaya kalayan paring sumerep bab sakathahing prakawis ingkang ageng punika.


Sang Prabu Dawud banjur memuji marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe wong sapasamuwan iku kabeh. Unjuke Sang Prabu Dawud: “Pinujia Paduka dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula Israel, saking kalanggengan dumugi kalanggengan.


Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan kaluhuran saha kaprawiran, kamulyan, kaunggulan tuwin kaagungan, malah samukawis ingkang wonten ing swarga saha ing bumi! Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan karajan saha Paduka ingkang jumeneng Sesirah ingkang luhur piyambak nglangkungi ing samudayanipun.


Sapunika, dhuh Allah kawula, kawula sadaya sami ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka saha sami ngluhuraken asma Paduka ingkang agung punika.


Padha saosa puji marang Panjenengane marga saka sakehing kakiyatane, padha saosa puji marang Panjenengane marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati!


Ingsun sira gawekna misbyah lemah, sira anggoa nyaosake kurban obaranira lan kurban kaslametanira apadene wedhusira lan sapinira. Ing saben panggonan kang Sunpilih dadi pangeling-eling marang asmaningSun, Ingsun bakal rawuh lan mberkahi sira.


Pangandikane Sang Yehuwah: “Sakehing kamulyaningSun bakal Sunlampahake ana ngarepira lan Ingsun bakal ngumandhangake asmane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepira, Ingsun bakal paring sih-mirma lan melasi marang sapa kang Sunwelasi.”


Karodene Ingsun ora mung damel prasetyan karo leluhurira iku, yen bakal Sunparingi tanah Kanaan, tanah panggonane neneka,


Boten wonten ingkang nyameni Paduka, dhuh Yehuwah! Paduka punika agung lan asma Paduka agung margi Paduka punika prakosa.


Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.


“Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”


punapa dene Asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhe Kawula sumerepaken, supados sih ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wontena ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontena ing tiyang-tiyang punika.”


Kawula sampun nglairaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagad. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami netepi ing pangandika Paduka.


lan iba gunge panguwaose tumrap kita, kang pracaya, cundhuk karo dayaning panguwaose


Dhuh Pangeran Allah, Paduka sampun miwiti ngatingalaken kaluhuran Paduka saha asta Paduka ingkang kuwaos dhateng abdi Paduka, awitdene ing swarga miwah ing bumi, punapa wonten allah malih ingkang saged nindakaken pandamel ingkang prakosa kados Paduka.


sarta padha matur: Saestu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sampun ngatingalaken kamulyan lan kaluhuranipun dhateng kita, sarta kita sampun sami mireng sabdanipun saking ing satengahing latu. Ing dinten punika kula sampun sami nekseni, bilih wonten manungsa ingkang dipun pangandikani dening Gusti Allah, mangka kok saged lestantun gesang.


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan