Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:26 - Kitab Sutji

26 Ingsun mesthine kudu ngandika: Bakal padha Sundamoni. Pangeling-eling marang wong-wong iku bakal Sunsirnakake saka ing antarane para manungsa,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:26
13 Iomraidhean Croise  

Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid, sarta talingane midhangetake ing pasambate;


wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.


Punapaa dene tiyang Mesir ngantos sami badhe reraosan: Anggone ngirid wong iku arep digawe sangsara lan arep dipateni ana ing gunung lan bakal ditumpes kasirnakake saka ing bumi? Paduka mugi karsaa nyirep mulad-mulading bebendhu Paduka, saha karsaa nggetuni bab bilai ingkang badhe Paduka dhawahaken dhateng umat Paduka.


AnggoningSun bakal nindakake iku marga saka Ingsun, iya marga saka Ingsun piyambak, amarga asmaningSun kok arep kanajisake! Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang liyane!”


Paduka punika rak Rama kawula sadaya? Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya, saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya. Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya; asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.


Nanging sira bakal Sunsebar ing antarane para bangsa lan Ingsun bakal ngunus pedhang ana ing burinira; dene tanahira bakal dadi cengkar, lan kutha-kuthanira padha dadi jugrugan.


Malah sira bakal padha sirna ana ing antarane bangsa liya, lan bakal padha katumpes dening nagarane mungsuhira.


Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”


Sang Yehuwah bakal marengake kowe kagecak kabeh dening mungsuhmu. Anggonmu nglurug bakal ngambah ing dalan siji, nanging anggonmu keplayu saka ing ngarepe bakal metu ing dalan pitu; nganti kowe nukulake rasa girise sakehe karajan ing bumi.


Kowe bakal dadi bab kang marakake kaebatan, dadi pocapan lan pepoyokane para bangsa, ana ing wewengkon anggonmu bakal disingkirake dening Sang Yehuwah.


Sang Yehuwah bakal mbuyarake kowe ana ing antarane para bangsa, saka ing pungkasane bumi tutug ing pungkasane bumi, ana ing kono kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi lan iya ora disumurupi dening para leluhurmu, kang rupa kayu lan watu.


Pangeran Yehuwah bakal ndadekake kowe pating slebar ana ing antarane para bangsa, lan cacahmu mung sathithik ana ing antarane para bangsa, kang dadi tujuane anggonmu bakal padha kasingkirake dening Sang Yehuwah.


Ingsun aja sira penggak, bangsa iki bakal Suntumpes lan jenenge Sunsirnakake saka ing sangisore langit; nanging sira bakal Sundadekake bangsa kang luwih kwasa lan luwih akeh cacahe tinimbang bangsa iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan