Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 32:25 - Kitab Sutji

25 Jaka lan prawan, pasuson lan wong kang wus uwanen bakal padha tumpes, ana ing jaba dening pedhang ana ing jero kamar dening pagiris.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 32:25
17 Iomraidhean Croise  

Bareng wis repet-repet tumuli padha ngadeg lan padha lumebu menyang ing pabarisane wong Aram. Nanging nalika tekan ing pinggiring papan pabarisane wong Aram, ing kono wus ora ana wonge.


Sang Yehuwah nuli ndhatengake ratune wong Kasdim, kang banjur nglawan marang wong-wong mau. Sang Prabu dhawuh mateni para jakane kalawan pedhang ana ing dalem pasucene, sarta ora ngatingalake pangemane marang jaka utawa prawan, wong tuwa utawa wong uwanen – kabeh padha kaulungake dening Pangeran Yehuwah marang ing astane.


sira padhangucap: “Ora, aku arep padha nunggang jaran kang dakplayokake rikat,” mulane sira bakal padha lumayu lan sirna. Sira uga padha celathu: “Aku arep padha nunggang jaran kang cukat,” mulane kang ngoyak sira bakal ngluwihi cukate.


Saikine, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Yagene sira nekakake bilai gedhe marang awakira dhewe? Sira arep numpes para wong lanang, wong wadon, bocah-bocah lan bayining wong Yehuda, nganti ora ana kekarene apa-apa.


Yagene sira nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan penggawening tanganira, yaiku sesaji kurban marang allah liyane ing tanah Mesir, kang sira parani amarga sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka? Kena apa sira arep dadi ipat-ipat lan cecampahan ana ing satengahing sakehe bangsa ing bumi?


“Adhuh, si pati wus nlusup ing cendhela-cendhela kita, kedhaton kita wus padha dileboni, bocah-bocah ing lurung-lurung padha disirnakake, samono uga para nom-noman kang ana ing alun-alun.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani, anggen kawula ajrih sanget punika, saha anggenipun nyawa kawula ngolang-ngaling punika, manah kawula molak-malik wonten ing nglebet kawula, awitdene kesangeten anggen kawula mbalela, wonten ing jawi anak-anak kawula katumpes dening pedhang, wonten ing salebetipun griya dening sesakit pes.


Ilate bocah pasuson kraket ing cethake dening kasatan; bocah-bocah padha njaluk roti, nanging ora ana kang ngwenehi.


Ing jaban kutha pedhang, ing jero kutha pageblug lan kaliren! Sing sapa ana ing jaban kutha bakal mati dening pedhang, lan sing sapa ana ing jero kutha bakal tumpes marga kaliren utawa dening pageblug.


Pedhang bakal ngamuk ana ing kutha-kuthane, bakal ngrusak slarak-slaraking lawange, sarta mangsa wong-wong iku ana ing beteng-betenge.


Sanadyan padha ngopeni anak-anake nganti gedhe, mesthi Sundadekake ora duwe anak, satemah ora ana manungsa maneh. Lah, bilai uga wong-wong iku samangsa wus padha Suntilar!


Efraim wus kagebug, oyode wus dadi garing, bakal padha ora metokake woh; malah sanadyan padha nglairna anak pisan, wohing wetengane kang dinama-dama iku bakal Sunpateni.


Ingsun bakal nekakake pedhang marang sira, kang bakal nibakake piwales marga saka prasetyan iku; dene samangsa sira ing tembe padha klumpukan ana ing kutha-kuthanira, Ingsun bakal nekakake pageblug ana ing tengahira, lan sira bakal Sunulungake marang tangane mungsuhira.


Sira bakal mangan, nanging ora bisa dadi wareg, sarta wetengira ajeg ngamuk marga luwe; sira bakal nyingkirake apa-apa, nanging ora bisa nyimpen, sarta sapira kang sira simpen, iku bakal Sunulungake marang pedhang.


Nalika aku padha teka ing tanah Makedhonia, aku padha ora bisa tentrem. Malah ana ing ngendi-endi aku padha nemu kasusahan: ing jaba tarung lan ing jero was-sumelang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan